Lelakone Urip
[ 98 ]Lelakone Urip
Naning Retnaningsih SMA Muhammadiyah Galur, Kulonprogo
ae
D jaman Naning isih kelas telu SMP, Naning dipacok-pacoke dening tanggane, karo bocah lanang. Merga ana bocah kang seneng karo Naning,
“Ning ana bocah kang seneng karo kowe.” Naning tetep me- neng wae.
“Tejo, Tejo seneng banget karo kowe, kepriye kowe?” ngono pitakone Rini.
“Apa iya? Anggepku biasa-biasa wae.” jawabe Naning,
“Ora piya ta? Iki temenan seneng banget.”
Ora suwe, Tejo ngomong marang wong tuwane Naning,
“Ya, ditanggapi ta, Ndhuk. Ora apa-apa.” Naning metu saka kamar, diawe bapakne.
“Ajeng pripun. Nggih kula mirengaken.” pitakone Naning na- lika ngadhep bapake.
“Mengkene. Kowe bocah wadon, wis ana sing nyenengi, kowe kepriye?” mangkono pitakone bapakne marang Naning,
“Niku sinten, Pak, ingkang kalih kula?”
“Tejo. Kuwi, bocah sing omahe ora adoh seka ngomahe dhewe.” saurane bapakne.
Naning meneng wae, tanpa wangsulan.
“Kowe gelem ta, nek karo Tejo?” (karo ngulatake Naning kang tansah ndhungkluk).
Naning mung bisa manthuk, merga ora bisa matur piye-piye ma- rang bapakne. Dheweke pancen wedi banget marang wong tuwane, mligine bapakne.
98 = Antologi Crata Cekak ee. [ 99 ]Wektu iku ora suwe, Tejo langsung ngomong marang Naning. Menawa dheweke seneng marang Naning, lan dheweke bakal diajak bebrayan nganti sesuk sak lawase. Pas wektu malem Kemis, Tejo nglamar Naning, Dina iku, ing wayah sore, Naning didukani bapak lan ibune jalaran anggone nglamar Tejo dadakan.
Naning rumangsa yen awake isih bocah, durung wayahe bebrayan.
“Wong ya, aku isih bocah, durung bisa apa-apa, wis dikon be- brayan, bebrayan karo wong sak umurane bapakku dhewe. Dhe- weke pantese dadi bapakku. Iki malah dadi calon bojoku. Aku iki isih sakumure jagung,” ngono panguneg-unege Naning ana ing kamar.
Anaing wektu malem Minggu, Naning iseng-iseng dolan ana ing omahe budhene, tangga desana. Ana ing kono, Naning padha ditakoni karo kanca-kancane.
“Jare wis arep rabi Ning? Dadi ibu-ibu, no?” ngono pitakone Rudi.
Naning mung mesem lan tanpa wangsulan babar pisan.
“Kowe ki wis arep duwe bojo? Apa kowe wis siap dadi wong tuwa? Apa ora kesusu, Ning?” pitakone budhene marang Naning,
“Kula piyambak mboteb mangertos, kok Budhe? Dos pundi mangke.” ngono wangsulane Naning,
“Ora ngerti kepiye ta Ning, wong sing bakal nglakoni kowe dhewe, kok ora ngerti?” Rudi melu nyalahake Naning,
“Embuh, Mas. Apa iki pancen wis nasibku, sing kudu tak la- koni.” wangsulane Naning,
“Bocah durung bisa sisi kok wis arep omah-omah. Malah rabine wae karo wong sing sak umure bapakne, sing kudune pantes dadi wong tuwamu.” Rudi nuturi.
“Ning, aku iki Budhemu, ngrungokake omongane wong-wong kuwi, aku mesakake kowe. Mergane kowe ki isih bocah cilik durung ngerti thek-kliwere wong omah-omah.” ngono pituture ibune.
Ora krasa yen anggone dha jagongan iku wis suwe. Ora krasa ugamenawajam wis nuduhake wanci jam lima luwih. Naning bali. Tekan ngomah terus mlebu kamar. Dheweke tansah mikir apa sing dikandhakake kanca-kancane. Pancen iku akeh benere.
Sak baline seka ngomahe budhene, Naning terus melbu ing ka- mare. Bapak lan adhi-adhine ana ing pawon. Bapake nakoni Naning sambi nesu.
> “Murkane Ibu” ee 99 [ 100 ]“Naning! Kowe kuwi jan-jani seka ngendi?”
“Kula saking dolan.” wangsulane Naning,
“Dolan nengnggone sapa? Karo sapa?” pitakone bapake sateruse.
“Dolan nggenipun Budhe, kalih kanca-kanca, Pak.”
“Neng kana, ngapa kowe?”
“Mboten napa-napa, Pak. Namung linggihan sinambi gegu- yon.” wangsulane Naning semu wedi.
“Bocah wadon wis arep duwe bojo, wayah bengi isih kluyur an?” ngendikane bapake semu mbesengut pasuryane.
Naning mung meneng wae tanpa semaur bkaro nangis kese- segen jalaran saking wedine.
Nuju pengumuman kelulusan SMP, dheweke rumangsa yen awake lan pikirane ora kepenak, ditambah pikirane sing ora sreg, karo Tejo. Ana telung ndina pikirane bunek. Dina candhake, dhe- weke wis pulih meneh awak lan pikirane. Dheweke lunga. Lungane Naning cethane nglungani Tejo, dheweke bali kira-kira jam pitu bengi.
Mangerteni yen Naning lunga jalaran Tejo arep mara, wong tuwane nesu. Dheweke disengeni nganti bengi. Bapake nyuarani werna-werna. Merga ura kepenak ing ati lan ora srege karo Tejo, Naning saben dina lunga seka ngomah. Dheweke ora mesthi bali mulih. Turune mana omahe sedulur-sedulure.
Nalika turuana omahe budhene, Naning digoleki bapake karo Basuki.
“Ning! Ayo bali! Turu ngomah wae, kaya ora duwe omah!” pangajake bapake karo nesu.
“Kula mboten ajeng wangsuk, Pak. Kula tilem nggene Budhe mawon.” wangsulane Naning karo nangis.
“O..., ngono kowe. Yoh, kowe nek arep turu kene. Ora apa- apa, ning sesuk kowe kudu bali, wong ngomah padha nggoleki kowe!”
“Nengkene ya ora apa-apa kok, Dik. Wong ya ana nggone Budhe- ne. Naning ora bakal lunga neng ngendi-endi, kok.” pambelane Bu- dhene.
“Nek ngono, aku tak bali karo bapak! Aja lali seusuk kudu bali, ya!” Basuki melu ngandhani Naning,
Ora suwe bapake lan Basuki bali karo rasa atine grundelan, merga Naning ora gelem diajak bali.
Saben arep turu, Naning tansah nangis lan pikirane susah. Kaya ngene iki dilakoni Naning saben bengine, uga ing wayah awan.
100 = Antologi Crata Cekak ee. [ 101 ]Dheweke tansah mikir nasibe kang bakal dilakoni. Dheweke nganti ora doyan mangan, rasane lungkrah, lesu, lan mbedhokol atine saben-saben disengeni wong tuwane. Atine ora kuwat ngrasakake lelakon iki. Dheweke ora bisa ngomong apa-apa, anane mung me- neng wae lan nagis.
Ngepasi wektu Magrib, kanthi lelakon kaya mengkono kuwi, dheweke ora bisa mikir kanthi bening. Malah ana ing pikirane ka- wetu pengin mati ngalu.
Wong tuwane Naning nduweni rasa kang ora kepenak ma- ngerteni kahanane anake wadon kang saben dinane mung meneng lan nangis.
Bapake lunga. Golek wong tuwa (dhukun) sing bisa nentrem- ake atine Naning.
“Bocah iki ora apa-apa. Ora ana sing kepriye-priye.” kandhane Mbah Dhukun.
“Napa niku leres, Mbah?” pitakone bapake Naning kaya ora percaya.
“Temenan. Bocah iki ora apa-apa. Ora ana sing ngangslupi.” Mbah Dhukun nenrangake.
“Naging, bocah niki wonten nggriya namung kendel mawon lan nangis, Mbah?”
Sawise kedadeyan kuwi, Naning saben dina mung lunga dolan. Wongtuwane lan adhi-adhine padha nggoleki nganti ora nyambut gawe. Sore iku Naning neng omahe budhene. Nneg kono Naning crita apa sing dilakoni ana ing ngomah.
“Ning, kowe ki kena apa, kok sajak lungkrah temen awakmu?” pitakone budhene.
“Inggih, Budhe. Kula nembe mboten saget mikir.” wangsulane Naning.
“Kena apa, Ning?” pitakone budhene.
“Kula mboten saget nglampahi lelakon menika, Budhe. Kula mboten saget nglampahi bebojoan kalih Tejo, Budhe.” wangsulane Naning.
“Wo..., kuwi ta, Ndhuk.” budhene semu kaget.
Udakara jam enem sore, Santa bali saka dolan. Dheweke ngan- dhani Naning supaya ora banget-banget anggone mikirake lelakone wektu iki, mengko malah setres. Nalika bali Naning wis dipapag bapake kanthi pasuryan kang nesu.
> “Murkane Ibu” ee 101 [ 102 ]4
“Seka ngendi kowe, Ning!” pitakone bapakne.
Nuning mung meneng wae tanpa wangsulan, terus mlebu ngomah tumuju neng kamare.
Ana wektu liya Naning dolan golek hawa seger. Pamite karo wong tuwane bakal menyang nggone kancane ngrampungake ga- trapan sekolahan. Ndelalah, ana ing ndalan ketemu karo wong sing disenengi.
“Ning, kowe arep lunga neng ndi?” pitakone Mas Pur, wong sing disenengi Naning,
“Ajeng pados hawa seger, kok Mas.” jawabe Naning.
“Kancamu sapa?”
“Piyambak, Mas. Mboten wonten kancanipun.” wangsulane.
“Nekngono, aku oleh ngancani kowe, pa?” panjaluke Mas Pur.
Wong loro mau pada dolan-dolan, merga suwe ora ketemu lan padha nyritakake lelakone dhewe-dehe. Bali seka dolan, Naning disengeni bapake merga nganti jam pitu tekane.
“Seka ngendi wae, kowe? Lunga karo sapa nganti tekan jam yahmene?” pitakone bapake kanthi ulat kang peteng,
“Saking dolan, Pak.” wangsulane Naning karo ndhungkluk.
“Dolan seko ngendi, kowe?” suarane bapakne saya seru.
Naning tanpa wangsulan.
Ara let suwe karo tekane Naning seka dolan, Tejo teka neng omahe. Dheweke ora nemoni Naning, ning malah nemoni bapakne Naning.
“Pak, kula wingi sumerep kembang kanthil wonten klambi- nipun Di Naning.” ngono pawadule Tejo.
“Apa kuwi kandhamu bener, isa tak percaya, Jo!”
“Inggah, Pak. Leres.”
Nuruti omongane Tejomau, bapakne Naning atine ora kepe- nak. Dheweke lunga menyang nggone dhukun sing biyen nate di- tekani.
“Aku wis ngerti apa sing arep ta takokke.” dhukun mau ndhi- siki omongan.
“Nggih, Ki. Kula badhe nyuwun pirsa ngengingi anak kula, Naning.” kandhane bapakne Naning,
“Bocah kuwi, Naning, ora gelem yeng kon bebrayan karo tejo.” ngono katrangane Mbah Dhukun marang dhayohe, karo nggawani banyu neng nggendul.
102 > Antologi Crita Cekak ee [ 103 ]Banyu iku supaya diraupake marang anake, Naning,
Anaing wektu kang sela, Naning dolan neng omahe budhene. Budhenengati melu dinesoni karo wang tuwane, dikira melu-melu ngandhani Naning supaya ora gelem karo Tejo.
“Ning, aku wingi diwelingi Rani, kowe kon neng ngomahe Rani.” ngono budhene ngandhani Naning,
“0, ngaten Budhe. Menawi ngaten, kula tak mrika sak niki.” wangsulane Naning karo pamitan budhene.
Anaomahe Rani, wong loro mau padha omong-omongan nga- lor-ngidul sing dirembug, Dumadakan kancane teka mrono.
“Gun, kowe reneya tak kandhani.” panyeluke Rani.
“Ana pa, ya Ran?” wangsulane Gun.
“Ana sing nggoleki Naning, Iki gurune SMA, dheweke kon sekolah meneh.”
“Kowe sekolah meneh wae, Ning, supaya tambah pinter.” Rani sajak ngandhani Naning,
Naning mung meneng wae tanpa gelem wangsulan.
“Kowe sekolah sesuk ya, Ning, Sekolahe gratis, ora mbayar.” kandhane gurune.
“Gelema, Ning, Timbangane kowe di....” Gun melu-melu nu- turi.
Wong telu, Naning, adhine, lan gurune bali neng ngomah. Ba- pake ora kaya biasane yen Naning bali seka lunga. Malah dheweke rumangsa seneng atine, Naning gelem bali.
“Ndhuk, Naning, apa kowe gelem sekolah meneh?” pitakone bapakne kanthi suara kang alon.
“Kula pancen kepengin sekolah malih, Pak. Napa Bapak ma- rengaken menawi kula sekolah?” ngono panjaluke Naning wektu iku.
“Nek ngono karepmu aku mung nyarujuki wae Ndhuk, aku ora bisa meksa-meksa kowe. Aku nyekarep kowe anggonmu bakal sekolah, kanggo uripmu besuke.” kandhane bapakne.
Ana ing sekolah Naning durung rumangsa bisa mikir kanthi bening, jalaran isih ana rasa ing atine yen dheweke isih diiket tem- bung dening kulawargane Tejo. Mula dheweke isih durung plong pikire yen pangiket mau durung dibalekake.
Bapakne tanggap marang kahanane anake. Tembung sing wis ditampa seka Tejo dibalekake meneh. Kahanan mau ndadekake
> “Murkane Ibu” ee 103 [ 104 ]antarane kulawargane Naning karo kulawargane Tejo ora akur. Nanging, atine naning wis rumangsa plong mikire. Sekolahe bisa tentrem, mikire wis ora kabotan meneh.
ban
Naning Ratnaningsih, lair rikala tanggal 5 Juli 1991, ing Kulon Progo, sekolahe ana SMA Muhammadiyah Galur, Kulon Progo, telepon (0274) 7103191, agamane Islam, omahe ing Jekeling, Sidorejo, Lendah, Kulon Progo, kesenengane mlaku-mlaku, pit-pitan, maca, dan ngru- ngokake radhio.
104 = Antologi Crata Cekak ee.