Menyang kontèn

Kategori:Krakitha Kalah Wegig

Saka Wikisumber
Krakitha Kalah Wegig

[ Cover ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/1 [ 2 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/2 [ 3 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/3 [ 4 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/4 [ 5 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/5 [ 6 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/6 [ 7 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/7 [ 8 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/8 [ 9 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/9 [ 10 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/10 [ 11 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/11 [ 12 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/12 [ 13 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/13 [ 14 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/14 [ 15 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/15 [ 16 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/16 [ 17 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/17 [ 18 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/18 [ 19 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/19 [ 20 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/20 [ 21 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/21 [ 22 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/22 [ 23 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/23 [ 24 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/24 [ 25 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/25 [ 26 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/26 [ 27 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/27 [ 28 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/28 [ 29 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/29 [ 30 ]Asmaradana

Tembang iki dudu caping gunung
Apa maneh cublak-cublak suweng
Tembang iki asmaradana
Kang isa gawe ati sumringah, bungah, tanpa ukara

Dhuh, widadariku
Yen aku pujangga
Bakal daktulis kabeh rasa ing sajroning dhadha
Sinambi mlaku bareng nyawang samodra
Lan nandur katresnan ing saben dina

Dhuh, bocah ayu
Pengen rasane aku nyandhing sliramu
Ngentekake wektu urip ing jagad iki
Nadyan awak dhewe bakal mati
Nangging aku percaya tresna iki bakal terus ngancani tekan urip
lan sawise mati

Kulonprogo, 2020

[ 31 ]Mampir Ngombe

Ngger,
Apa sing arep digoleki
Apa maneh sing arep dibingungi
Urip iki mung kaya tilik lan mampir ngombe
Ora abadhi lan ora menehi janji
Nanging siji sing kudu dieling,
kowe oleh milih
ngombe apa wae
senajan ora lali karo Gusti

Kulonprogo, 2020

[ 32 ]1. Wardaya Kangen

Aku kangen
Rena, bapa, lan adhiku
Saben dina udrasaku netes ing pipi
Nggawe bendungan saernawa

Dahana kangen ngobong wardaya
Dhuh Syang Hyang Widi
Kula nyuwun tamba kangen iki

Wardaya peteng tanpa cahya
Ratri kadya setra
Gegawa lungane baskara
Peteng tanpa candra, tanpa kartika

Nangis mbrebes mili
Nganti netra iki dadi mbranang
Amarga duwe kekayun
Sing mung dadi lelamunan

Kekayunku mung golek obat kangen
Kaya kakayun anggayuh lintang
Amung wektu sing bisa mangsuli kangenku
kapan aku bisa ketemu

Sabar lan syukur
kunci saka kabeh iki
muga wektu bisa cepet lumaku
kanggo nambani kangenku

[ 33 ]2. Angkara

Angkara...
Setan ngebaki ngendi-endi papan
Nggegodha para jalma gawe angkara

Mung dadi pangeling
Marang panasing dahana neraka
Mula para kanca imanmu kuwatna
marang setan sing nang kana-kana

Sapa sing gelem sholat panca wektu
Namung slira yekti
Kabeh puja-puji
mung kanggo Sang Hyang Widi

Supaya para jalma
Ameruhi dalan kang pener
adoh saking angkara

[ 34 ]3. Gusti Widi

Ing wayah lastri
Keprungu swata tirta ing ngarep wisma
tirta kabasuh kanggo madhep Gusti Widi

Umat Islam kawajib sholat
Kanggo ngibadah marang Gusti Widi
Kang maringi kita rezeki, kasarasan, lan karaharjan

Gusti Widi kang angripta jagad
Kanggo umat manungsa
Supaya eling marang Gusti Widi

Gusti Widi kang duweni panguwasa
Kanggo netepi takdir manungsa
Mula sholat kudu kajaga
Sadurunge kita padha pralaya

Ing jagad iki mung sawetara
Golek amal becik sakakeh-akehe
Aja gawe angkara
Muga kita slamet saka dahana neraka

[ 35 ]
Kadang Tani

Pletheking srengenge, pratandha raga kudu enggal lumaku
Jangkahmu mung gumantung banyu sing diulu
Cikat polahmu, sigrak tandangmu
Panas tan digagas, udan tan digugu
Donga uga tenaga kang dinggo sangu

Baskara kang ngobong ing wanci rina
Dilakoni kanggo golek boga
Kanthi modhal pikir uga tenaga
Tanpa sambat tanpa nggresula
Kanggo nyukupi butuhing kulawarga

Nalika sunaring baskara wus kadya geni
Njerit rasaning ati
Asring banyu mata mili, nalika tandur ora cukup wiji
Uga udan sing dienteni, tan enggal nelesi bumi
Sarung jagung, abot entheng kabeh kudu dilakoni

Ananging nalika udan wus ngrangkul bawana
Lemah kang nela wus kilenan tirta
Wiji kang tuwuh, katon endah disawang netra
Mongkog rasaning jiwa
Musna sewuning nalangsa

[ 36 ]
Taun Kembar

Donya katon sangsaya tuwa
Tetangis tekaning lara
Ewon siksa ugi memala
Memala pinuju pralaya

Tahun kembar kang nggegirisi
Polah obah tan nrapsilani
Panggedhe winasis sarwa ngapusi
Ngeterake tumuju bubrahing nagari suci

Wong cilik samya kentekan tangis
Sesambat ajur sangsaya mengkis
Susah menggalih diiris iris
Pasrah kahanan kang saya lamis

Apa pancen bebakaning kiamat
Pambela sungkawa bebrayaning masarakat
Kabagyan sarwa dibabat
Nagari kojur sangsaya mlarat

[ 37 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/37 [ 38 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/38 [ 39 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/39 [ 40 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/40 [ 41 ]Tresna Nglegena

Tan malih jejering panggalih
Daktitipake madu arupa rindhu
Kang asih
Prasasat udan ing plataran kang ora mawujud
Njelma kembang wangi kang rungkud
Njur ngrembuyung disengkuyung

Aja kuwatir bakal sumingkir
Aja samar bakal nyamar
Aja ajrih bakal sesulih

Iki kang awujud tresna nglegena
Tan bakal neka-neka
Mung arupa rasa
Kang ora bisa sirna

[ 42 ]
Bingung

Bingung
Aku bingung
Mikir gurit kanggo kowe
Bingung
Aku bingung
Mikir Kowe sing taktresnani
Bingung
Tambah bingung
Mergo Kowe
Ora nrima aku
Apa anane
Bingung
Tambah bingung
Kepriye carane nduweni kowe.

[ 43 ]
Aja Sedhih

Banyu tiba saka langit jenenge udan
Udan rintik rintik jenenge gerimis
Yen ora menang pertandingan
Aja sedih banjur nangis
Tanduran kang bagus ana wohe
Tanduran kang ala tinggal kayune
Uwis ana sing ngatur sekabehe

Mula aja sedhih wae
[ 44 ]
Dhuh Kekasih

Dhuh kekasih
wiwit kaping pisanan aku ketemu sliramu
Aku langsung jatuh cinta
atiku krasa dheg-dhegan
Wiwit dina iku, aku wiwit golek informasi ngenani sliramu
ora preduli suwene aku nggoleki
ora preduli suwene aku nggoleki
Aku nggoleki nganti ketemu
nganti aku dadi kaya wong edan
Dhuh kekasih
Aku ora preduli sebab tresna akale ilang
Sebab Tresna bandhane ilang
Sebab Tresna sadulure ilang
Sebab Tresna sekabehane ilang

Lamun Tresnaku ora bakal ilang
[ 45 ]
Nyawang Tanpa Srawung

Nyawang mendhung ing mangsa tengangé
Sinawang ing samun nora tumandhang
Cegah omong, nyuda guyon
Klakon dadi lelakon
Tanpa srawung saderma nyawang

Pawiyatan tanpa cantrik
Pindha kelir tanpa cakrik
Tan magatra amung swara
Agawe kapang sanja rowang
Tanpa srawung saderma nyawang

Pinanggya dadi memala
Kriwikan dadi grojogan
Linampahan amarga kahanan
Tanpa srawung, saderma nyawang
Mugya énggal paripurna

[ 46 ]Lurung Manggung


Titah tanpa budi
Kadi raga tanpa nyawa
Jalma kang utami
Nggendhong budi ksatria

Rinonce niat suci
Tumuju Hyang Maha Adi
Dadi panjangkaning urip
Kridha leladi pasrawungan

Ungeling ibu manggung ing manah
Dadi pepadhanging gesang
Pemuting lampah
Tinebihna kelu setan

[ 47 ]
Tetabuhan



Tabuhe
Urip iku urub
Ananging namung nyenyuwun
Tanpa ngudi

Tabuhe
Urip kudu tumandhang
Ananging namung lamun sinawang
Tanpa gawean

Tabuhe
Urip perlu katresnan
Ananging namung njegal lan rerasan
Tanpa tata

Kanggoku
Udu kandhamu
Ananging prelu manah
Lan Pangeran dadi panjangka

[ 48 ]Ora Wutuh

Jare, aku iki sepele
Dibandhingke karo liyane
Aku, banget bedane
Malah kadhang kerep diece

Aku pancen cendhak
Lemah ora kapidak
Langit ora candhak

Nanging elinga
Gegayuhanku iki dhuwur
Pangimpenku wus mbleber mabur
Ngenteni mangsa tumeka Kabul

Aku precaya
Kanthi sangu donga upaya
Kabeh bisa dak rengkuh
Senajan ora wutuh

[ 49 ]Tresna Tanpa Rupa

Abot sanggane lelabuhanmu
Nanging kabeh kuwi ora dadi rasa
Sliramu lila legawa
Ngalah lan nrima

Senajan aku durung tau
Nyawang endahing netramu
Keprungu alusing swaramu

Nanging aku percaya
Tulusing tresnamu marang awakku
Ora ilang,tumeka pupusing mangsa
Kayadene kumala sasmita
Abadhi sajroning jiwa

Senajan aku durung bisa
Ngrasakke sih katresnanmu
Nyawang esem lan guyumu
Nanging tresnaku tulus marang sliramu

Ibu
Mangestonana gegayuhanku
Gegayuhanku gawe bombong sliramu

Ing wayah wengi kang sepi
Taktitipke donga marang gusti

[ 50 ]

Wujud tresnaku lan bekti
Tanda kurmat lan ngajeni

Senajan kabeh amung sewates crita
Nanging ora dadi apa
Amarga tresna, ora perlu rupa

[ 51 ]Pegawai Dewan

Ing jaman saiki
Kang diarani jaman modhernisasi
Maneka pakaryan bisa kasiasati
Barang kang ora ketok wae bisa kanggo kardi

Nanging kahanan urip ana ndesa
Bisane amung ngendelke tenaga
Kayadene pakaryan iki
Pegawai dewan arane
Dudu pejabat, dudu konglomerat
Anggone makarya munggah mudun wit klapa

Kae,lek paijan
Kang saben dina gaweane penekan
Ora preduli panas,ora preduli udan
Yen wis mangsane, gage budhal ngayahi kewajiban

Wayah isuk jago kluruk
Kabeh sangu wus tinata
Bumbung lan deres sangune
Semana uga wayah sore

Methangkring ana wit klapa
Nadhahi iline legen
Kang dadi sumbering panguripan

[ 52 ]

Sengkut saka siji lan sijining wit
Sinambi nglaras tetembangan
Nguda rasa marang kang kuwasa
Dimen sayah lungkrah dadi bungah
Paiting tlutuh manggis karasa manising gula jawa

Pancene bot repote wong bebrayan
Kabeh kui wus dadi tanggungan
Kanggo ngayahi kabutuhan
Kareben uripe sarwa kacukupan

[ 53 ]Lara Ati apa udu?


Wengi iki atiku tansah mangkel
Mrengkekel ora isa diudhari kaya dene getih kenthel
Ora isa lega mikirke sliramu, utekku katon cunthel
Jerohanku tansya suwe ora karuhan, kaya lagi didedhel

Senajan aku lan sliramu ora bakal isa nyawiji dadi siji.
Nanging aja gawe lara ati iki nganti kepati-pati kaya mangkene
iki.
Sejatining aku iki kepencut banget marang pitutur becik, solah
bawa kang migunani
Nanging ora bisa didhelikke kanggo sapa satenane atimu sarwa-sarwi nggidhuhi

Ana perkara kang wigati sing marakke aku ora isa nglalekke
sliramu
Mesthi sliramu mikir perkara iki sepele yen keprungu
Ora liya yaiku amung kabeh percantenmu lan prasetyamu
Semono uga larikan uripmu narik kawigatenku

[ 54 ]Wis Wektune Ilang

Wong sing ora duwe pitungan marang dheweke dadi tumbal
Ora ana angin lan udan wes pating gleseh tanpa bantal
Pratandha turu sing ora bakal tangi maneh
Pratandha urip saklawase tanpa obah maneh

Kabeh wis diitung dening Gusti kang maha mangarteni
Mikir jero, ngrasa yen urip ing alam donya ora isa diopeni
Kabeh kudu ngerti manungsa iku mung sadrema nglakoni
Arep bocah cilik apa gedhe, wong enom apa tuwa mesthi bakal
nemoni pati

Sejatining corona iki wis dadi pepesthen
Akehing prastawa pratandha alam donya njaluk ganten
Donya iki wis kathon judheg marang tindak-tanduke tukang
golek klangenan
Yen wis kethuk wektune mesthi bakal ora obah, ora usik

[ 55 ]GO-JEK

Ijo-ijo bregada dalan aspal ireng wis cumepak
Angin kang sumilir agawe sarira katon grapyak
Sang bagaskara wiwit esuk panase ora isa ditolak
Rina ganti wengi ora ana sliweran montor

Aku kudu piye……
Sawise ana Corona iki,urip kaya biasane
Ngelingi kahanan mangkene, ora ana sing njaluk diboncengke
Isaku mung sambat anggonku menehi ragad kulawarga kepiye

Sakabehane lelakone urip ora liya dinggo njangkepi peteng lan
padhang kadonyan
Memetri cahyaning budi kudu diopeni kanthi ati kabagyan
Senajan awakku kayadene semut kelangan papan
Nanging aku percaya marang pitulungane kang maha sandhang
pangan

[ 56 ]
Jogja

Jogja iku minangka kutha pelajar
Panggonane wong kang pinter
Dudu panggonane wong kang keblinger
Keblinger marang bab kang ora pener
Jogja iku pancen luhur
Luhur bebuden lan pitutur
Joja iku misuwur
Misuwur amarga gunung dhuwur
Jogja iku makmur
Makmur amarga siti kang subur
Yen jogja iku ajur
Iku lelakone wong kang ora duweni bebuden luhur
Ayo pra kanca
Nggawe jogja supaya luwih tumata
Tumata akhlake lan bebudene
Supaya jogja bisa dadi sae

Sae bab masyarakat lan agamane
[ 57 ]
Manungsa

Donya iki wus tuwa
Okeh karusakan lan lelara kang digawe manungsa
Memala bisa teka samangsa mangsa
Hawa panas samsaya suwe samsaya tan kinira
Bumi padha bubar ing ngendi-endi
Amarga kuncine wus dencabuti
Banjir teka ing ngendi ngendi
Amarga kedhung wus denurugi
Dhuh Gusti lelakon apa iki
Donya samsaya suwe samsaya nggegirisi
Eksploitasi samsaya ganas
Tan bisa dibrastha
Ngrusak tanduran lan nggempur wadhas
Iku mau lelakone wong kang angkara

[ 58 ]Beda Dalane

Swargi wae ya ngerti
Yen kowe karo aku, mung cah cilik
Mlayu rana rene,
Ora ngerti sesuk gedhe meh dadi apa

Swargi wae ya ngerti
Yen kowe karo aku, mung cah sekolahan
Pengen duwe kanca akeh
Dolan bareng, urip kepenak bareng-bareng

Ya dakpikir kabeh kuwi cukup nggo awakku
Nanging, saiki caraku nglakoni urip wis beda
Owah gingsir!
Ana bab liyane sing kudu tak gagas

Wis wektune aku menehi kowe ngerti
Yen neng njero atiku
Ana gegayuhan liya sing kudu dakranggeh
Aku mung pengin kowe ngerti,
Yen aku lan kowe beda dalane

Sing kudu dilakoni saiki,
Mung nrima kasunyatan iki
Sing kudu dideleng saiki,
Mung nrima yen aku dudu duwekmu
Lan kowe dudu duwekku

[ 59 ]

Sanajan dalanmu lan dalanku beda,
Aku ora bakal nyerah, kowe ya aja nyerah
Wujudna gegayuhanmu
Nglakoni sing paling apik kanggo awake dhewe

[ 60 ]
Kanggo Kowe

Aja mbesengut
Urip ki pancen ngene
Ana seneng, ana susah
Yen kowe mbesengut, dadi tambah susah

Coba saiki kowe mesem
Aja sedhih
Saiki aku malah wis lali,
Kapan biyen anggonku weruh kowe ngguyu

Yen donya iki nggawe kowe edan
Lan kowe wis nglakoni kabeh sing bisa koklakoni
Aja sumelang, aja bingung
Undanga aku wae
Merga aku bakal ana kanggo kowe

[ 61 ]
Gegayuhan

Aku lan kowe duwe gegayuhan
Gegayuhan kang taktresnani
Kanthi tresna taklakoni
Karo sakwutuhing ati

Gegayuhan iki gampang yen dieling-eling
Angel yen arep digawe lali
Kekudangane wong akeh,
Manca warni

Ana sing pengin uripe tentrem
Ana sing pengin uripe ayem
Ana sing pengin uripe seneng
Ana sing pengiuripe makmur
Kabeh wong ing donya iki pengin uripe kepenak

Dhuh Gusti, kula nyuwun pitulungan
Pitulungan supados tetep kiyat ing pacoban
Pitulungan supados tetep saged atur puji sokur dhumateng Gusti
ing salebeting pacoban
Pitulungan supados tetep nerasake gegayuhan

[ 62 ]



ESAI
[ 63 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/63 [ 64 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/64 [ 65 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/65 [ 66 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/66 [ 67 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/67 [ 68 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/68 [ 69 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/69 [ 70 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/70 [ 71 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/71 [ 72 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/72 [ 73 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/73 [ 74 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/74 [ 75 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/75 [ 76 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/76 [ 77 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/77 [ 78 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/78 [ 79 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/79 [ 80 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/80 [ 81 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/81 [ 82 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/82 [ 83 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/83 [ 84 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/84 [ 85 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/85 [ 86 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/86 [ 87 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/87 [ 88 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/88 [ 89 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/89 [ 90 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/90 [ 91 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/91 [ 92 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/92 [ 93 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/93 [ 94 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/94 [ 95 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/95 [ 96 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/96 [ 97 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/97 [ 98 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/98 [ 99 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/99 [ 100 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/100 [ 101 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/101 [ 102 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/102 [ 103 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/103 [ 104 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/104 [ 105 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/105 [ 106 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/106 [ 107 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/107 [ 108 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/108 [ 109 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/109 [ 110 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/110 [ 111 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/111 [ 112 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/112 [ 113 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/113 [ 114 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/114 [ 115 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/115 [ 116 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/116 [ 117 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/117 [ 118 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/118 [ 119 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/119 [ 120 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/120 [ 121 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/121 [ 122 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/122 [ 123 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/123 [ 124 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/124 [ 125 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/125 [ 126 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/126 [ 127 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/127 [ 128 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/128 [ 129 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/129 [ 130 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/130 [ 131 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/131 [ 132 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/132 [ 133 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/133 [ 134 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/134 [ 135 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/135 [ 136 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/136 [ 137 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/137 [ 138 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/138 [ 139 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/139 [ 140 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/140 [ 141 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/141 [ 142 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/142 [ 143 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/143 [ 144 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/144 [ 145 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/145 [ 146 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/146 [ 147 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/147 [ 148 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/148 [ 149 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/149 [ 150 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/150 [ 151 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/151 [ 152 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/152 [ 153 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/153 [ 154 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/154 [ 155 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/155 [ 156 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/156 [ 157 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/157 [ 158 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/158 [ 159 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/159 [ 160 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/160 [ 161 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/161 [ 162 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/162 [ 163 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/163 [ 164 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/164 [ 165 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/165 [ 166 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/166 [ 167 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/167 [ 168 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/168 [ 169 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/169 [ 170 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/170 [ 171 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/171 [ 172 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/172 [ 173 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/173 [ 174 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/174 [ 175 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/175 [ 176 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/176 [ 177 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/177 [ 178 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/178 [ 179 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/179 [ 180 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/180 [ 181 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/181 [ 182 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/182 [ 183 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/183 [ 184 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/184 [ 185 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/185 [ 186 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/186 [ 187 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/187 [ 188 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/188 [ 189 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/189 [ 190 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/190 [ 191 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/191 [ 192 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/192 [ 193 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/193 [ 194 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/194 [ 195 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/195 [ 196 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/196 [ 197 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/197 [ 198 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/198 [ 199 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/199 [ 200 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/200 [ 201 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/201 [ 202 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/202 [ 203 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/203 [ 204 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/204 [ 205 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/205 [ 206 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/206 [ 207 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/207 [ 208 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/208 [ 209 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/209 [ 210 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/210 [ 211 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/211 [ 212 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/212 [ 213 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/213 [ 214 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/214 [ 215 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/215 [ 216 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/216 [ 217 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/217 [ 218 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/218 [ 219 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/219 [ 220 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/220 [ 221 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/221 [ 222 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/222 [ 223 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/223 [ 224 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/224 [ 225 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/225 [ 226 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/226 [ 227 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/227 [ 228 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/228 [ 229 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/229 [ 230 ]Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/230

Anak kategori

Kategori iki mung ngandhut saanak kategori ngisor iki.

 

Kaca sajeroning kategori "Krakitha Kalah Wegig"

2 kaca ngisor iki ana ing kategori iki saka gunggung 2 kaca.