Kaca:Yesus Panguculan.pdf/63

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

BAB GUSTI YESUS

Wong papat ing jamane Gusti Yesus pada nulis buku bab Dekne. Ye kuwi Markus,Mattheus, Lukas lan Johannes. Buku-buku kuwi (Injile Gusti) diklumpuke lan diselehke ing Kitab.

MATTHEUS

Mattheus kuwi sakwijine peladene Gusti Yesus. Dekne sakwijine dina dipanggil Gusti donge ijik kerja nampa belasting. Wong-wong pada nggumun kok Gusti gelem gegayutan karo wong belasting.Lelakon-lelakon sing ditulis karo Mattheus, iku sing dialami dewe.

MARKUS

Markus nulis kabar kabungahan tyekak. Dekne ijik botyah donge Gusti Yesus nindakke penggawean nang Israel. Markus gegayutane karo Petrus. Dekne uga ing sakwijine layange deityeluk anakku. Sakbare Markus terus gegayutan karo Paulus. Paulus iku sing nggawa kabar bab Gusti Yesus nang Europa.

LUKAS

Lukas uga nulis injil, snajan ora ngalami dewe.Dekne kuwi bangsa grik nanging dokter, sing terus nduwe pengandel ing Gusti Yesus. Dekne terus gegayutan karo Paulus, Lukas pada nggolek pakseksi sing okeh supaya bisa ngekeki laporan sing kena dipertyaya.Uga pengalamane sing pada pretyaya lan ngedekne Greja sing sepisanan dityateti kabeh. Iku sing dadi kitab para Rasul.

JOHANES

Johanes iku sakwijine muride Gusti sing dipretyaya kena tenan. Dekne nulis ing pungkasane injile sing dekne nulis “Yesus ijik nindakke okeh meneh. Nanging iki sing tak tulis supaya kuwe pretyaya nek Yesus kuwi juru pangutyulane manungsa sing wis dijanji. Supaya kowe nampa urip liwat Jenenge” Johannes sakwijijne murid rolas sing nggayuh umur dawa. Donge dekne wis tuwa dekne nampa kaweruh sangka pangimpen nak Yesu iku anakke Gusti Allah tekan seprene. Iku uga ketulis nang kitab Pamedaran.

LAH KOWE SAIKI

Lelakone Gusti Yesus durung rampung. Dekne urip terus ing uripe manungsa selawaslawase. Lan uga bisa urip terus ing uripmu. Yesuskepengin ngekeki katresnane marang kowe lan nggawekke dalan supaya kowe bisa tekan nggone Gusti Allah.. Kaya murid sing sepisanan Gusti Alah kepingin ngekeki Roh Sutyi marang kowe. Iku bisa malike uripmu. Apa sing petens bakal padang. Apa sing bakal nemu pati bakal nemu urip langgeng.Jalaran Yesus tujuane Gusti Alah bakal klakon ing uripmu. Kowe dadi manungsa sing nglegake atine Gusti Allah.