Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/87

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Pilingane biru erem.
  2. Pitike wis tangkar-tumangkar.
  3. Raine mangar-mangar.
  4. Sawange pating krantheng.
  5. Wohe ngemohi.
  6. Wit randhu kuwi mbrindhili.
  7. Sawahe kebanjiran.
  8. Tulisanmu kegedhen.

E. Tuladha:

  1. Ngendikanipun Dhokter dijinpun Basi kedah dipun oprasi.
  2. Ngendikane Dhokter drijine Basri kudu dioprasi.

Ukara: ukara iki dadekna ngoko alus kaya tuladha!

  1. Bapak lenggah wonten ngajengan, manggihi tamu.
  2. Watawis wonten satunggal minggu Enibah gerah
  3. Dipun unjuki godhongan sedhah kaliyan gendhis batu, sapunika sampun dhangan.
  4. Ibu jumeneng wonten ing sangajengipun pengilon, ngleresaken ukel.
  5. Kala timuripun Panembahan Senapati punika asmanipun Sutawijaya.
  6. Kula dipun dangu Pak Guru, kenging punapa dhateng kula kasep.
  7. Kula matur bilih kala wau kula nulungi lare dhawah.
  8. Pak Guru boten saestu duka, malah lajeng paring pangalembana.
  9. Bapak tindak paras, kula ndherek.
  10. Konduripun pinarak toko buku, mundhut buku Catur.

77