Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/74

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan 9

I. A. Pacelathon

Tindakna!

Nonton Pasar Malem
Marsam : Dir, ayo nonton!
Dira : Nonton apa?
Marsam : Kae. lho, sing sorote padhang-padhang kae.
Dira : O iya, ya. Pasar maleme wis wiwit. Wah, lha ning sesuk ulangan ki, piye?
Marsam : Alah, ulangan we thik piye. Ra sah wedi. Sesuk gampang.
Dira : Gampang piye! Matematika, je!
Marsam : Lha iya, gampang!
Dira : Kowe wis sinau pa?
Marsam : Ya durung. Ning, gampang ta wis!
Dira : Wah, aku ra wani tenan, Mar. Mangkata dhewe!
Marsam : Bangeten kowe ki, dijak nonton we emoh!
Dira : Aku ki ora emoh. Gelem, ning aja saiki. Mbok sesuk bengi ngono piye, ta?
Marsam : O, sesuk ki rak malem Minggu, ya?
Dira : Genah iya ngono kok. Sesuk bae rak laras, Mar!
Marsam : Iya, Dir, bener kowe. Tujune kowe kenceng ora gelem.
Dira : Saiki sinau kene sisan we, Mar.
Marsam : Mathuk aku!
64