Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/62

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

4. Sri Naranata miyos siniwakeng sagung para da- sih

5. Prabu Yudhisthira ratu agung mahambek pinan- dhita.

6. Sang Prabu lenggah ing dhampar kencana pina- tik ing sesotyadi.

7, Prabu Menakjingga Kalokengrat pilih tandhing yen prang pupuh.

8. Kang jumeneng Narendra jejuluk Maha Prabu Arimurti.


D. Tuladha:

Kumbakarna satriya ing Alengka.


Ukara-ukara iki rampungna kaya tuladha!

1. Prabu Dasamuka ratu ing .....

2. Gunawan Wibisana rayi Prabu .....

3. Prabu Rama nata ing .....

4. Raden Lesmana rayi Prabu .....

5. Dewi Sinta garwane Prabu .....

6. Dewi Sinta dicidra Prabu .....

7. Prabu Rama utusan kethek putih, jenenge .....

8. Dewi Sinta didhelikake ana ing taman .....

9. Dewi Sinta dijaga dening .....

10. Babone crita wayang kuwi buku-buku kuna, je- nenge ..... lan .....


E. Tuladha:

Darmadi nonton wayang.

Darmadi : jejer

nonton  : wasesa

wayang  : lesan