Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/54

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

b. Aku ora kuwat sumuke, mangka lungguhku wis cedhak cendhela.

Ukara-ukara iki rampungna kaya tuladha!

  1. Tekaku meksa telat, mangka .....
  2. Banyune meksa mbludag, mangka .....
  3. Dheweke. meksa mangkat, mangka .....
  4. Utange isih arang wulu kucing, mangka .....
  5. Sing diarani njupuk buku aku, mangka .....
  6. Yen rupane mono ora ayu, nanging .....
  7. Kali iki cilik, nanging .....
  8. Prakara kuwi pancen angel lan gawat, nanging .....
  9. Aku ya diulemi, nanging .....
  10. Kursi ukir iki apik, nanging .....


C. Tuladha:

b. Ibu mundhut ageman .....
b. Ibu mundhut ageman sapangadeg.

Ukara-ukara iki rampungna kaya tuladha!

  1. Bapak kagungan gamelan .....
  2. Jarane Bapak .....
  3. Kebone ana pringe .....
  4. Wayang ..... kuwi watake beda-beda.
  5. Kambil ..... durung mesthi padha tuwane.
  6. Gedhang ..... suluh kabeh.
  7. Bareng kukusan kuwi diungkabi, jebul isine pari .....
  8. Mbakyu Samsu tuku cangkir .....
  9. Sur, Ibu undhuhna suruh ..... bae.
  10. Wong ..... padha kerig lampit, jejer-jejer ngenteni tekane tamu agung.
    44