Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/13

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

wolunipun sawatawis. Matematikanipun ketingal onjo, bijinipun sanga.

Dhidhik sinaunipun ajeg sregep. Saben dinten mlebet lan boten nate kasep. Sanajan sakit, manawi boten sanget, Dhidhik tetep mlebet sekolah. Criyosipun manawi ngantos gothang eman-eman.

Tiyang sepuhipun remen ningali pasinaonipun Dhidhik. Punapa malih larenipun nurutan lan nrimah. Sadaya wau saya damel maremipun tiyang sepuh.

Kala inggah-inggahan punika Dhidhik minggah klas gangsal. Rapotipun sae piyambak. Dhidhik dipun usulaken angsal wragad pasinaon utawi beya siswa.

B. Wangsulana kang patitis nganggo basa krama!

  1. Kepriye sekolahe Dhidhik?
  2. Wiwit klas siji kepriye?
  3. Bijine Dhidhik kepriye?
  4. Yen pinuju rada lara Dhidhik mlebu sekolah apa ora?
  5. Munggah klas lima Dhidhik diusulake oleh apa?

III. Kawruh basa

A. Tuladha:

  1. Dhik, sing kogawa kuwi .....?
  2. Dhik, sing kogawa kuwi apa?

Pitakon-pitakon ing ngisor iki rampungna, kaya tuladha ing dhuwur!

  1. Iki kayu .....?
  2. Bapakmu ..... ana ngomah?
  3. Sing rusak blandare ..... pangerete?

3