Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/11

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
WULANGAN 1

I. A. Pacelathon
Tindakna!

Munggah Klas V


Dhidhik : Mbak, takekandhani, apik.
Nunung : Apa ta Dhik, undhangan nonton, pa?
Dhidhik : Dudu.
Nunung : Lha apa, kok apik ki?
Dhidhik : Coba apa Mbak, bedheken.
Nunung : Emoh, ah, mumet-mumet kok dijak
bedhekan.
Dhidhik : Yen bener pekèn ta wis sing takgawa iki.
Nunung : We lha iya! Tenan?
Dhidhik : Iya, tenan cekake.
Nunung : Ngerti aku. Oleh arisan ta? Hayo, gawa
rene, takpek tenan nangis kowe.
Dhidhik : Nek kleru piye Mbak?.
Nunung : Takjajakke. Ning, murah-murahan lho
janjine.
Dhidhik : Ha, ha, ha! Lumayan, sida entuk enak-
enakan aku. Sing takgawa ki wong ....
rapot kok. Hore!
Nunung : Wah, cilaka aku. Beja kowe Dhik. Ya
wis enya tukua dhewe. Munggah ta Dhik,
kowe?
Dhidhik : Ya, Mbak, aku munggah klas lima. Ma-
tur nuwun ya, Mbak, dihadhiyahi. Ha,
ha!

1