Kaca:Wulang Basa Jilid 2.pdf/99

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

g: prengat-prengut
h. pringas-pringis
i. monthak-manthuk
j. gedhag-gedheg.

B. Tuladha:

a. Jampi punika badhe dipun caosaken Embah.
b. Jamu iki arep dicaosake Embah.

Ngokokna kaya tuladha!

1. Kula dipun pundhutaken Bapak buku catur.
2. Bapak mundhut buku catur, dipun paringaken kula.
3. Pakdhe tindak Surabaya, dipun dherekaken Mas Bawa.
4. Prakawis punika sampun dipun dhawuhaken Pak Guru dhateng murid-murid.
5. Bab punika sampun wongsal-wangsul dipun ngendikakaken Pak Lurah.
6. Tas kula dipun astakaken Bulik.
7. Ibu mundhut sande, badhe dipun caosaken Embah.
8. Anggen kula raosan dipun midhangetaken Pak Guru.

89