Kaca:Wulang Basa Jilid 2.pdf/30

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

II. Maca titi

A. Wacanen sing titi!

Ngingu Pitik

Praba ngingu pitik. Pitike Praba ngendhog. Endhoge rolas. Sing papat didadar, sing wolu diengremake. Sing pitu netes, sing siji kopyor.
Praba seneng banget, banjur tetembangan:

Aku duwe pitik, pitik tukung.
Saben dina takpakani jagung.
Petog, gog gog, petog petog!
Dhoge wolu, dakngremake netes pitu.

20