Kaca:Wulang Basa Jilid 2.pdf/24

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Parmun (nglecepi, nguliti, ngonceki) pelem.
  2. Potelote Wanti (kethul, bujel, gowang).
  3. Ratih (nyamaki, mbunteli, mungkus) bukune.
  4. Bolahe (pedhot, tugel, putung).
  5. Swarane Bima (banter, rikat, seru).
  6. Nursih (nyurung, nggeret, netah) adhine.
  7. Pakdhe (ngaturi, ngundang, nimbali) Mas Bima.
  8. Rini (ngresiki, ngumbah, mususi) beras.
  9. Wetenge (ngelu, ngethok, mules).

D. Tuladha:

  1. Ibu tindak pasar.
  2. Ibu tindak ngendi?

Gawenen ukara pitakon kaya tuladha, mganggo tembung: ngendi, pira utawa sapa!

  1. Sinta saka Surabaya.
  2. Bukune Marni ana njero lemari.
  3. Bebeke Jupri pitulikur.
  4. Buku iki regane telung atus rupiyah.
  5. Tarmana nggoncengake Wisnu.

14