Kaca iki wis divalidasi
- Embah ngunjuk jampi.
- Pakdhe mriksani ringgit tiyang.
- Pak Pak Pringga lenggahan piyambak.
- Guru maos serat kabar.
- Pak Guru jumeneng wonten ngajeng klas.
D. Wacanen kang patitis banjur turunen!
- Suyud ngingah peksi glathik.
- Pesonipun Panut kethul.
- Badrun ngangge rasukan bathik.
- Lawuhipun bothok urang.
- Jadahipun dipun thothol ayam.
- Santenipun kirang kenthel.
- Welas dipun slenthak kapal.
- Segawonipun Yohan nglethak balung.
- Andri tumbas gethuk lindri.
- Rasukan kula kecanthol Pikun
IV. Tembanana bebarengan!
Kembang Mlathi
Dakpethik pethik kembang melathi,
daksebar sebar ngareping puri,
rame swarane samya sesaji,
dak asurak-surak hore!
6