Kaca:Winih Semi.pdf/99

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

RODHA


uripku kaya rodha
kang mubeng
kadhang kala neng dhuwur
kadhang kala neng ngisor

semono uga uripku
kadhang seneng
kadhang susah

nanging,
ora mung uripku wae
urip iki ya mung kaya rodha
iya ta ...

88

Winih Semi