Kaca:Winih Semi.pdf/68

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

DOSA

tumindakku ing donya iki
ora nguciwake atiku
jangkahku manut karepku
ora ana sing bisa nglarang
nanging saiki
aku eling
wis nguciwakake wong tuwa
aku wis nguciwakake kulawarga
dhuh Gusti
nyuwun pangapura
ora bekti lan nglakoni
prentah-Mu
dosaku tumpuk undhung
ngluwihi uripku
mung siji kekarepanku
njaluk pangapura-Mu

57

Winih Semi