Kaca:Winih Semi.pdf/66

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

IBU

Sangang sasi aku neng njero wetengmu
Pirang taun anggonmu ngrawat aku
Kowe nuntun aku neng dalan kang bener
Supaya sesuk gedhe aku ora keblinger
Ibu,
Aku njaluk pangapuramu
Ora bisa bekti marang awakmu
Nalika kowe isih urip ing donya iki
Ibu,
Aku ora bisa mbales apa-apa
Aku mung bisa manjatke donga
Kanggo katentreman ibu ing alam kana

55

Winih Semi