Kaca:Winih Semi.pdf/62

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

ILANG


isih kelingan nalika kowe pamitan
isih krasa larane nalika kowe mblenjani
katresnanku
durung mari laraning ati

dhuh Gusti ...
kaya mengkene larane katresnan diblenjani
kaya mengkene larane ati dilarani

mung panjalukku
kowe ora nglalekake aku

Winih Semi

51