Kaca:Winih Semi.pdf/58

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

LOMPONG

wit lompong akeh gunane
kanggo gawe kerajinan
tas, wadhah regetan sapanunggalane
   nanging banyu kang netes ing godhonge
   mesti mlayu mrana-mrene
   pratandha kowe ora duwe kapercayan dhiri
ganjarane dibabati, dipepe dianam, dieret-eret
diguntingi
rekasane kang ora nduweni kapercayan dhiri

Winih Semi

47