Kaca:Winih Semi.pdf/108

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

PESISIR PARANGTRITIS


Aku krungu swara ombak
Sing lagi ngantem watu karang
Ketok gumludhug swarane
Kaya nyanyian alam

Neng saubenge pesisir Parangtritis
Aku weruh wit krambil
Sing dhuwur banget
Kaya gambaran alam

Ketok apik pesisir parangtritis ing wayah sore
Sing jembar, apik lan permai
Ciptaan Tuhan ingkang Maha Kwuasa
Kanggo kabeh makhluk sak kabehing donya

Winih Semi

97