Kaca:Wawatoning Kawroeh Toewin Pasinaon Gending Djawi.pdf/7

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
- 3 -


Wirama" poenika titikaning sadhaja barang ngagesang; toemataning kodrat-alam, gantos-goemantosing siang lan ratri, oebenging bawana, lampahing soerjo, lintang toewin remboelan, gesanging manoengsa, kéwan lan tetoewoehan, sadhaja waoe nganggé wirama ingkang tjetha, inggih tata, rampak, roentoet, patoet spn. (orde, symmetrie).

  1. Swaraning gending poenika warni kalih. inggih poenika saged toemandhoek sarana swaraning manoengsa, ladjeng winastan se kar (tembang), saged oegi sarana swaraning pirantos ingkang nama „gongsa”, (gamelan) ingkang limrahipoen ladjeng winastan „gending”. Kalih-kalihipoen taksih kanamèkaken „lagoe”.
  2. Ing gending Djawi wirama makaten kapérang dhadhos pinten² warni, ingkang karingkes dhadhos 3 bagian: a. gending ageng. b. gending madhya, c. gending alit; dhadhos sami kalijan pérangan gending - swara: sekar ageng (kawi), sekar madhya (tengahan, dagelan) toewin sekar alit (matjapat). Watakipoen gending lan sekar tigang warni poenika pijambak-pijambak: a. lebet, antep, kendo, b. tjekapan, c. ènthèng, tjethèk lan kentjeng.
  3. Lagoe-swara poenika ing salebeting kagoenan Djawi mesthi nganggé wir ama-mardhika (boten adjeg - tetep lampahipoen); wondhéné gending-gong sa makaten mèh sadhaja nganggé wirama-adjeg (kadjawi „lagon” toewin „adha - adha”, toewin „adha - adha”, awit gongsa kedhah toetwingking swaraning ki - dalang). Sekar-gending makaten gending - swara ingkang kedhah toemandhoek sasarengan kalijan gongsa; pramila ladjeng nganggé wirama adjeg. Sekar-gending” poenika g ending ingkang karémbag dhadhos te mbang, kadhosta: kinanthi - kinanthi poespawarna, soebakastawa, taroepala lss, oetawi tembang ingkang dhipoen wiramakaken adjeg sarta kadhadhosaken gending, kadhosta: gending potjoeng, mengatroeh. midjil. bremara-wilasita, manggala-gita lan gending2 ladrang, ketawang sp.n. ingkang nganggé namaning sekar matjapat, sekar tengahan oetawi sekar ageng.
  4. Laras toewin Pathet poenika kalih - kalihipoen dhadhos tatangsoelipoen swaraning gending oetawi swara, ingkang saged dhamel toemata poenapa dhéné pantes-loe-wesing sadhaja lagoe.

a. Laras inggih poenika oeroet-oeroetan swara wiwit ingkang ageng pijambak dhoemoegi ingkang alit pijambak, ingkang tetep toewin roentoet „swarantaranipoen” (swarantara = elet antawisipoen swara satoenggal kalijan sanèsipoen). „Laras” makaten oegi kanggé namèkaken satoenggal-satoenggaling swara. ingkang sampoen kalebet ing oeroet - oeroetan swara ingkang sampoen tinata waoe. (O e paminipoen: „laras” salendhro lan pélog; laras „salendhro” poenika isi „laras” barang, „laras” djongga, „laras” dada (tengah), „laras” gangsal toewin „laras” enem ).

b. Pathet poenika rakitan swara, inggih pérangan (pepethan oetawi pithetan) saking satoenggal-satoeng-