Kaca:Wawatoning Kawroeh Toewin Pasinaon Gending Djawi.pdf/23

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
- 11 -

a. panggladi pokoking wirama lan wilet nganggé saron dhemoeng, saron limrah, gendhèr-penemboeng toewin bonang-penemboeng, poenapa dhéné sinaoe naboeh kethoek, kempoel, kenong, gong, kempjang, ketipoeng spa.; ladjeng sinaoe nglambakaken;

b. panggladiisèn-isèning wilet (ngratjik, imbal, tjèngkok lan oekel) sarana pasinaon naboeh saron peking, bonang-baroeng lan pe neroesipoen, gendhèr baroeng lan peneroesipoen oegi, adjar njalem poeng, imbal nganggé saron dhemoeng, Wilet, tjèngkok lan oekel kagladi nganggé soeling saha rebab, poenapa dhéné dhipoen saranani sinaoe gérong;

c. sasampoenipoen mangertos dateng wirama lan tjèngkok, ladjeng sinaoe ngendang mitoeroet taboe han gending;

d. soepadhos énggal mangertos dateng wirama, prajogi titi-lagoe kaserat sagaris-sagaris mitoeroet padha-kenongipoen, soepadhos tjetha sipating-wirama.

28. Kadjawi titi - lagoe mitoeroet wilahaning saron oetawi gendhèr (noot-saron) prajogi dhipoen wonteni „noot-pathet” oegi kanggé pasinaon lagoe-swara (njekar, nembang), ingkang boten kasarengaken pasinaon naboeh gongsa.

a. Titi-lagoe pathet makaten nganggé antjer-antjer „dasar” toewin „pathok-swara” ing salebeting pathet; laras ingkang dhadhos dasar (oetawi babon - swara) dhipoen soekani ongka 1; dhéné pathok-swaranipoen (oetawi „bapa-swara") rèhning elet 3 swarantara, angsal ongka 4; terangipoen mriksanana bg. 22 lan 23 (a. b. lan c.) toewin ing ngandap poenika :

b. Laras Saléndhro (barang, djongga, dada, lima, nem ): pathet-enem: 1-2-3-4-5-1 dawah wilahan Dj-d-l.-N.-b.-Dj.
id. sanga: 1-2-3-4-5-1 L-n.-b.-Di.-d.-L. id. manjoera: 1-2-3-4-5-1 N.-b.-dj. D.-I.-N.

Laras Pélog (bem, djongga, dada, pélog, lima, nem, barang): pathet-gangsal: 1-2-3-4-5-1 = Bm.-dj,-d.-L.-n.-Bm.
enem: 1-2-3-4-5-1 = N.-bm -dj.-D.-I.-N. barang: 1-2-3-4-5-1 = L.-n. br.-Dj.-d.-L.

Panjeratipoen wilahan „pélog", poenapa dhéné „bem" lan „barang" ingkang miroenggan mriksanana no. 26-a.

c. Rèhning swara poenika boten katjentjang dhéning pirantos ingkang tetep, sarta saged nandhoekaken tjéngkok oetawi oekel sa-kaparengipoen, mila prajogi kanggé anggambar lagoe-swara makaten dhipoen soediani tjiri-tjiri satjekapipoen, oepaminipoen; tjiri nginggahaken oetawi ngedakaken 2 laras, tjiri njoewanten pandjang oetawi tjekak, njoewanten geter oetawi ngombak-banjoe, makaten spn. (chromatische dan dynamische teekens).

29. Gandèng kalijan djaman toewin alam anjar, prajogi sanget menggah ing babagan kawroeh gending Djawi poenika kawontenaken paniti-priks a dhéning para em po e kalijan para