Kaca iki wis dikorèksi
15
ISLAM POENIKA POENAPA?
Islam poenika agamining karahajon. Temboeng Islam tegesipoen ingkang asli:
- Rahajoe.
- Margining karahajon.
- Soemarah.
Inggih namoeng soemarah poenika srana ingkang saged ndjoemenengaken karahajon. Temboeng: soemarah, poenika menggahing agami, ateges: asrah djiwa raga, soemarah sakarsaning Hjang Widi.
Toedjoeaning agami. Agami Islam poenika njoekani wewaton Kitab minangka angger angger, pepak lan sampoerna isinipoen, kanggé pandoman para pandèrèkipoen, sageda kénging kanggé noentoen djiwa lan raganipoen, soepados sadaja barang saé