Kaca:Wasis Maca 6.pdf/23

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

-21-

Wm -6-

 Mungguh mula bukane ana disiplin Birkenkenhead sing dadi pedomane kabeh kapal Inggris iku mangkene:

 Nalika taun 1852 kapal angkut Tentara Inggris “Birkenhead” lelayaran saka Inggris menyang Afrika Kidul.

 Patang puluh mil saka Cape Town (Kipton); kapal Birkenhead numbuk karang sing durung tau digambar ing peta.

 Sajroning 10 menit wong-wong padha geger. Barang-barang ing kapal akeh sing morak-marik. Durung lerem gegere, kapal numbuk Karang maneh banjur pecah dadi loro. Tugelane sing ngarep amblas ing segara. Wong-wong sing isih bisa mlayu padha menyang kapal bageyan tengah lan buri. Tentara sakulawargane cacahe 630, klebu 170 wanita lan bocah-bocah. Praune sekoci kari télu.

 Prau sekoci telu mung cukup. kanggo momot wanita-wanita, bocah-bocah lan saperangan penumpang liyane kang, cacahe 194. Iya wong kang ana ing sekoci telu mau sing bisa dislametake.

 Dene para serdadu liyane kalebu Kolonel Sedney Seton kang isih keri ana kapal tugelan kepeksa ora bisa ketulungan. Amarga ora watara suwe kapale banjur ambles ing segara.

 Disiplin kang ditindakake. Kolonel Sedney Seton ing kapal Birkenhead mau sateruse diarani: Disiplin Birkenhead.

 Sadurunge lelakon Birkenhead, yen ana kapal kacilakan ing samodra semboyane ya: “Singa dhisik nylametake uripe dhewe-dhewe.”
Semboyan: “Wanita lan bocah-bocah didhisikake” Kaya sing di- praktekake dening Kolonel Sedney Seton ing Birkenhead durung ana.

 Kanthi cara mangkono mau, mula dhek taun 1954 disiplin Birkenhead bisa nylametake wong 1494 saka kapal Empire Windrush sing ngalami kacilakan kobong.

————oOo————