Kaca:Tataran Anyar 2.pdf/84

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Cathetan Ringkes para pangrakit


TAMSIR AS

Lair ing Tulungagung, katiti, tanggal 21 Juni 1936. Angudi kawruh ing pamulangan Guru A sacara tinulis saka BPG - Bandung nampa ijazah taun 1960. Nambah pasinaon.ing IKIP jurusan Civieck Hukum ing Kediri. Pakaryan guru ing dhaerah Tulungagung. Buku-buku wacan basa Jawa sing wis ditulis luwih saka sepuluh buku lan sawatara buku basa Indonesia. Ing organisasi pangarang, wektu iki dadi Ketua Komisariat Organisasi pengarang Sastra Jawa (OPSJ) Prop. Jawa Wetan.


SUPARDI AS. Drs.

Lair ing Tulungagung katiti tanggal 5 April 1939. Angudi kawruh wiwitan ing SGB (1957), SGA (1964) lan nampa gelar kasarjanan ing babagan Civieck Hukum saka IKIP Malang ing taun 1976. Pakaryan sing baku dadi penilik TK/SD, nanging uga mulang Basa Jawa ing SPG Swasta.


V. SOEROTO

Lair ing Blitar katiti tanggal 14 – 11 – 1928.

Angudi kawruh nganti tataran B-1 Basa Jawa ing taun 1956. Sawuse kuwi banjur mulang ing SGA Neg. Semarang, SGA Neg. Malang, wekasan bali ing kutha kalairane ing SPG Neg. Blitar wiwit taun 1961. Buku-buku basa sing wis ditulis antara liya. Rujak wuni, Nujuprana, Istilah-istilah Kasusastran Jawi, Unggah-ungguhing Basa lan Kamus Kecil Bahasa Kawi.


MUKONO, BA

Lair ing Tulungagung katiti tanggal 6-3-1940.

Angudi kawruh ing Sekolah Guru A Kediri tamat taun 1964. Banjur kuliah ing IKIP oleh Sarjana Muda pendidikan taun 1977. Pakaryan saliyane dadi Kepala Kantor Dep. Dik.Bud. kecamatan ing dhaerah Tulungagung, uga dadi Kepala SMA-PGRI lan anggota pembina IKIP-PGRI ing Tulungagung.


SURIPAN SADI HUTOMO, Drs.

Lair ing Blora katiti tanggal 5-2-1940.

Angudi kawruh ing FKSS IKIP Malang lan tau sinau ilmu filologifolklors ing Universitas Leiden, negara Walanda. Pakaryan, Ketua Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa ing IKIP Neg. Surabaya lan dosen luar biasa ing Fakultas Sastra Universitas Negeri Jember, Wijayakusuma Surabaya lan sawatara pawiyatan luhur swasta liyane. Sawataara buku asil-karyane: Telaah Kesusasteraan Jawa Modern, Antologi puisi Jawa Modern lan Sosiologi Sastra Jawa. Ing organisasi pengarang jejer dadi pembina OPSJ tingkat pusat.