Kaca:Tataran Anyar 2.pdf/13

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

C. Wenehana ater-ater "dak ” lan penambang “ake” !

Tuladha :

a. Amplop layang (caos) bapak.
b. Amplop layang dakcaosake bapak.
  1. Sepeda ( jagang ) ana pinggir dalan.
  2. Yen menyang sawah ( golek ) welut.
  3. Bukune wis ( sediya ) ana meja.
  4. Yen arep maca wis ( gawa ) majalah.
  5. Rungokna, ( waca ) dongeng apik !
  6. ( Tembang ) lagu Mijil, mengko tirokna !
  7. Yen munggah kelas ( tuku ) tas anyar.
  8. Entenana ana kene, (atur) ibu dhisik.
  9. Bukumu gawanen mrene ( gambar ) kewan.
  10. ( Tulis ) banjur turunen sing apik !

IV. KASUSASTRAN.
A. Apa tegese bebasan iki !
Tuladha :

a. Timun wungkuk jaga imbuh.
b. Kanggone mung gawe tambel butuh.

1. Kocak tandha lokak.
 = .........
2. Kerot tanpe untu.
 = .........
3. Ora uwur ora sembur.
 = .........
4. Lanang kemangi.
 = .........
5. Nututi layangan pedhot.
 = .........

7