Kaca:Susuhunan Paku Buwono IV.pdf/36

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
32


  1. G.R.Ay. Mangkudiningrat ingsun paringi keris Kyai Pacar.
  2. G.R.Ay. Padmodipuro ingsun paringi keris Kyai Cebol.
  3. G.R.Ay. Spsrodiwiryo ingsun patingi keris Kyai Nagasasra.
  4. G.R.Ay. Cokrodipuro ingsun paringi keris Kyai Panjidhukun.
  5. G.R.Ay. Padmokusumo ingsun paringi keris Kyai Pedhang Kinanthi.
  6. G.R.Ay. Megatsari ingsun paringi keris Kyai Kumbalageni.
  7. G.R.Ay. Wiroatmojo ingsun paringi keris Keris Kyai Sekar.
  8. G.R.Ay.Mangkuyudo ingsun paringi keris Kyai Antup.

Katulis ing dina Anggara Kasih tanggal kaping 22 sasi Rejeb tahun Dal 1735 mangsa Katiga Wuku Tambir.

Sigek: Sanes dinten Hingkang Sinuhun gantos-animbali pasowanipun Papati hdalem K.R. AdipatiSosrodiningrat II. Hingkang Sinuhun paring pangandika, bilih gerah dalem saya kraos awrat. Mbok manawi kinarsakaken dening Gusti Ingkang Murbeng Dumadi sariradalem kundur ing kasedan jati, Hingkang Sinuhun mundhut prasetyanipun Kanjeng Raden Adipati Sosrodiningrat II kadhawuhan ngladosi putradalem ingkang gumantos Nata kaliyan setya sumungkem. Punapa dene kadhawuhan hamomong dhumateng para putradalem sadata, sampun ngantos sami pasulayan antawisipun sadherek piyambak. Sasampunipun Kanjeng Raden Adipati Sosrodiningrat II sandika punapa kersadalem sadaya. Lajeng kalilan medal saking pasilan .