Kaca:Sumunar.pdf/43

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

pideksa. Pawakane pilig wutuh, rada ramping, tur singset. Pakulitane kuning . Athiathine njlirit

bisa gawe gemes, Sajak kaya nantang, menyang sing lagi nyawang, Apa maneh bareng aku nglirik rerengganing dhadhane, Eka cie baa atiku sangsaya gonjing miring, angles, imanku kaya ora kuwat Adhuh ..

Kenya klambi abang mau umurumurane udakara 21 taunan. Kasulistyane nyata pawe gonjinging jiwaku. Dhadhaku tansah sirsiran ora leren-leren, Temenan! Salawase aku urip, ya nembe sepisan ji iki atiku ketaman ing rasa kang kaya mangkono mau. Atiku nandang, wuyung, nandang brangta

“Ah, apa iki dayaning nomer 13 kang nyata pawe apes kaya pangandikane priyayi putri mau? Mula teka bener, akeh wong sing wedi karo siyal? Kiraku teka bener. Buktine, aku banjur nandang kasmaran kaya ngene iki. Gek omahe ngendi kenya iki, ya?” mangkono pagasanku karo tumungkul

Mbokmenawa ora mung aku dhewe kang ketaman rasa kaya mangkono, Kenya Kambi abang sandhingku ya semono uga ayake. Awit lungguhe uga banjur ora bisa jenjem lan sedhela-sedhela tansah katon ambekane kang munggah mudhun Karo tansah nglirik aku. Banjur lamuna ABI Waa bab MEN Laa A IK, Lan ora suwe biyoskup wiwit main. Ing njero gedhong malih dadi peteng, Sing katon mung, sawang panan kana Wangi mjang LK

Crita biyoskup anggambarake lelakone sawijining wong jejodhohan.

praune rusak, wusanane banjur kagawa dening ilining banyu kang tekan

Nona Mariliyn Monroe sing dadi peran nyonyah Roos, bojone Tuwan Loomis utawa Joseph Cotion, aksine pancen “boleh!” banget. Satindak-tanduke tansah digawe aksi. Ya lakune, ya tingkahe, Mula nganti akeh para penonton sing padha marem lan melu kesengsem, Nanging kosok-baline, kenya klambi abang sandhingku lungguh ora mangkono, Nalika weruh aksine Marilya

SUMUNAR g#atofogi Crita Cekak, 34