Kaca:Sumunar.pdf/30

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kaca iki durung katitiwaca

PINTER, MINTERI

Ris Hartini

“Ndhuk, kok pijer ngalamun ki ana apa, ta?” mangkono pitakone Bu Pardi marang anake wadon, Parti. “Dadi wong ki mbok ya sing sabar, Pasrah mêrang Fangeran sing paring urip, Jare wong sabar ki kekasihing Allah.”

Krungu kandhane ibune mangkono iku, kanthi alon Parti mingerake lungguhe, Mripate nyawang, wong tuwane sing kari sesisih iku kanthi kebak rasa trenyuh,

“Ibu, awake dhewe iki dadi wong difik, ya mesthi wae kudu sabar, Nanging Bu, terus piye awake dhewe iki? Turu wae ana tendha, nggelar klasa. Sing dakpikir ki masa dhepane Parta. Aja nganti Parta dadi wong, bodho kaya awakedhewe iki.”

Pancen, Bu Pardi iku mung kari urip ijen. Limang taun kepungkur Pak

5 ii PA; Ba

Nanging wiwit ana lindhu gedhe sing ngroningake kutha Ngayogyakarta, Bu Pardi wis ora bisa dodolan maneh, Omah saisine rata. karo Lemah. Ora ana sing bisa dikukup, Ya amarga kedadeyan iku, Parti saben-saben tansah dheleg-dheleg ngalamun mikir nasibe, Bandha sing pangaji ya mung omah, sanajan paribasane disundhul bangkong wee ambruk, Ewasemana gedhe bang mapa ngala tinarap ka aayane Padi

“Matur nuwun, Gusti. Dene Paduka sampun paring rejeki dhumateng kawula sabrayat; itedha ih enjing punika.”

“Bu, esuk iki awake dhewe bisa sarapan.” jatah kanggo mangan esuk, Sabaline saka posko, Parti nggawa tas kresek isi sega telung wungkus,

“Bu, iki mau ana bantuan mangan saka kumpulan pembantu- pembantu ing sawijining perumahan eliting wilayah Sleman.”

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 21