Kaca:Serat Wedhatama.pdf/47

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
꧇​꧖

꧅ꦪꦺꦤ꧀ꦠꦗꦩꦤ꧀ꦏꦫꦸꦲꦸꦤ꧀

ꦠꦠꦠꦶꦠꦶꦭꦸꦩꦿꦃꦠꦸꦩꦫꦸꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀

ꦧꦁꦱꦱꦿꦺꦔꦠ꧀ꦠꦶꦲꦤ꧀ꦮꦶꦤꦺꦴꦭꦤ꧀ꦭꦏꦸꦧꦠꦶꦤ꧀

ꦢꦢꦶꦤꦺꦴꦫꦢꦸꦮꦺꦧꦶꦔꦸꦁ꧈ꦏꦁꦥꦝꦤꦼꦩ꧀ꦧꦃꦲꦾꦁ

ꦩꦤꦺꦴꦤ꧀


yèn ta jaman karuhun | tata titi lumrah tumaruntun | bangsa sréngat tan winor
lan laku batin | dadi nora duwé bingung | kang padha nembah Hyang Manon ||


꧇​꧗꧇


꧅ꦭꦶꦫꦺꦱꦫꦺꦔꦠꦶꦏꦸ꧈

ꦏꦺꦤꦻꦴꦒꦻꦔꦫꦤ꧀ꦭꦏꦸ꧈

ꦝꦶꦔꦶꦤ꧀ꦲꦗꦼꦒ꧀ꦏꦥꦶꦤ꧀ꦝꦺꦴꦲꦠꦧꦼꦫꦶ꧈

ꦥꦏꦺꦴꦭꦶꦃꦲꦺꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀

ꦚꦼꦚꦼꦒꦼꦂꦧꦢꦤ꧀ꦩꦿꦶꦃꦏꦲꦺꦴꦠ꧀


liré saréngat iku | kena uga ingaranan laku dhingin ajeg kapindhoné
ataberi | pakolihé putraningsun | nyenyeger badan mrih kaot ||