Kaca:Serat Wedhatama.pdf/45

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
꧇꧒꧇


ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦫꦒꦥꦸꦤꦶꦏꦸ꧈
ꦥꦏꦂꦠꦶꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦩꦒꦁꦭꦏꦸ꧈
ꦱꦸꦱꦸꦕꦶꦤꦺꦲꦏꦫꦤꦱꦏꦶꦁꦮꦫꦶꦃ꧈
ꦏꦁꦮꦸꦱ꧀ꦭꦸꦩꦿꦃꦭꦶꦩꦁꦮꦏ꧀ꦠꦸ꧈
ꦮꦤ꧀ꦠꦸꦮꦠꦏ꧀ꦏꦶꦁꦮꦼꦮꦠꦺꦴꦤ꧀
sembah raga puniku | pakartine wong magang laku | sesucine asarana saking warih | kang wus lumrah limang waktu | wantu wataking wewaton ||
꧇꧓꧇


ꦲꦶꦁꦔꦸꦤꦶꦲꦸꦤꦶꦢꦸꦫꦸꦁ꧈
ꦱꦶꦤꦫꦮꦸꦁꦮꦸꦭꦁꦏꦁꦱꦶꦤꦼꦫꦸꦁ꧈
ꦭꦒꦶꦲꦶꦏꦶꦧꦁꦱꦏꦱ꧀ꦩꦼꦠꦺꦴꦏ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦲꦁꦒꦶꦠ꧀
ꦩꦶꦤ꧀ꦠꦺꦴꦏ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦏꦮꦶꦒ꧀ꦚꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀
ꦱꦫꦺꦔꦠ꧀ꦠꦺꦲꦺꦭꦺꦴꦏ꧀ꦲꦺꦭꦺꦴꦏ꧀
ing nguni-uni durung | sinarawung wulang kang sinerung | lagi iki bangsa kas metokken anggit | metokken kawignyanipun | sarengate elok-elok ||