Kaca:Sapu.pdf/5

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
CECALA
PROSES TANPA KENDHAT


Aku bakal terus nulis sanajan durung mesthi tulisanku bakal diterbitake.” Mengkono ujare J.K. Rowling, penulis buku kondhang, Harry Potter, sing diandharake sadurunge bukune terbit lan wusanane digandrungi wong (para maos} sajagat.J.K. Rowling dudu manungsa super, nanging manungsa biyasa kaya awake dhewe, Kuwi negesake menawa awake dhewe uga bisa kaya J.K. Rowling. Menawa proses kreatif sing temen-temen dileksanakake dening J.K. Rowling ora tau kendhat sanajan sawetara penerbit Inggris (Penguin, Transword, lan Herper Collins) tau nolak mentah-mentah asil karyane, kuwi nuduhake menawa kesadaran proses kreatif awake dhewe uga bisa tetep murup sanajan tulisan-tulisane awake dhewe durung bisa nothok atining para redhaktur media massa.

Wose, ing sajroning makarya nulis, kasnegepan lan kesadharan ngenani proses kreatif dadi babagan sing wigati banget binarung semangat kang ora kena kendho, apa maneh mati. Babagan sing, uga wigati, yaiku aja nganti awake dhewe luwih dhisik ngregani asiling karya tinimbang proses. Aja uga luwih seneng, apamaneh gumun ndeleng wong sukses, nanging ndelenga lan resepana kanthi temen kepriye proses sing dilakoni wong nganti dadi

sukses. Mula, ajenana proses, tetep nglakoni proses tanpa kendhat supaya ing tembe asile bakal diregani dening wong liya. Sepisan maneh, ing sajroning makarya tulis-menulis (guritan, cerkak, artikel, esai, feature, lsp), aja mung sadrema mburu asil, amanga

v