Kaca:Sandhal Goreng.pdf/81

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Bocah Ngeyel

Linda Putriyana

D A

Jenengku Linda. Aku saiki kelas 2 SMA. Ing sekolahan aku diparabi “kutu buku” mergo aku kerep maca buku nanging pres- tasiku ing sekolahan ora tau apik. Kerep aku gawe gela wong tuwaku. Kabeh mau dumadi amarga sing tak waca mung buku komik, dudu buku pelajaran. Saben-saben wong tuwaku dalahan guruku dheweing kelas ngelikake aku supaya nyuda olehku ma- ca komik lan ganti maca buku pelajaran, nanging kabeh mau mung mlebu kuping kiwa lan metu kuping tengenku. Wis ora tak rewes babar pisan. Ing sajroning atiku sing paling jero, sajane aku ya tobat ma- rang sipatku iku. Bola-bali aku nyoba ngowahi, nanging kon ya angel banget. Kadangkala nganti aku nduweni rasa sing ala. Aku kepingin minggat amarga rumangsa mung gawesusah wong tu- waku lan guruku. Wong tuwaku sajak isin amarga biji-biji ulangan- ku tansah jemblok.

Bengi-bengi wetara jam 12, aku metu saka omah golek papan sing kira-kira bisa tak anggo nyenyuwun marang Gusti Allah. Pa- pan kang rada adoh saka omahku.

“Dhuh Gusti, menapa nasib kula badhe kados mekaten te-





“Kula akeni, kula pancen tiyang goblok. Kula langkung milih mata kang mbrebes mili.

Suwe anggonku ndedonga. Bareng wis tak rasa cukup, aku banjur bali menyang omah. Ing dalan ketemu karo wong ronda.

ma 79 ma