Kaca:Sandhal Goreng.pdf/67

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Antologi Cerkak, Peningkatan Kreativitas Penulisan Sastra Jawa tahun 2019


”He..he, nyante wae ana Banu. Banu lak pinter menek, to? Ita, Nu?” kandhane Widodo.

“Ah, yo wes kenetak aku sek menek. Mundhak ra rampung- rampung,” wangsulane Banu.

Sawise kuwi, Banu menek uwit dhuwet mau. Tekan ndhu- wur, opek woh-woh dhuwet sing wes ireng, sing kira-kira wes enak dipangan.

“Wes entuk sakresek, Nu. Ngati-ati Iho anggone mudhun,” kandhane Nina.

Nanging Banu ora semaur. Dheweke anteng, meneng, lan malah mringis. Kanca-kanca liyane padha bingung.

“He..he, kathoku sembret, cah, asem,” wangsulane Banu di- sambi mringis.

Banu rada kisinan amarga kathoke sembret gedhe pener ing sangisoring rit, saengga menawa pas mudhun ketok cetha werna kathok njerone.

“Whuahahaha, sabar, ya, Nu,” wangsulane kanca-kancane karo sumingkir ngadohi wit dhuwet mau. Gage, Banu mudhun saka wit dhuwet lan kecipuhan anggone nutupi kathoke sing su- wek,

Wusanane, Nina lan kanca-kancane padha mangan dhuwet nganti lambene padha ireng. Bubar mangan kabeh padha bali amarga wektu wis meh maghrib.

me 58