Kaca:Sandhal Goreng.pdf/47

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Jembretten

Iswandari Ekarini

TI

Turu luwih seka jam sepuluh bengi wis lumrah kanggo Asta- ri. Bendinane Astari ora tau mapan turu gasik, mesthi jam sepuluh punjul. Saben dina gaweyane sadurunge turu ya ming ndhelok tivi, nonton sinetron lan film barat, nganti apal yen di tekoni jad- wale sinetron lan apa filme sing apik dina iki.

Sajake mripate wis ana cagak kanggo melek, yen wis nang ngareptivi ora perduli menawa isuke mripate jembreten. Bapakne lan Ibune wae nganti judheg ngandhani Astari supaya anggone turu ora bengi-bengi, nanging dhasare Astari ki bocahe bandhel lan ngeyel, nggugu karepe dhewe.

Astari sekolah kelas siji SMA. Sajane dheweke bocahe pinter. Gandheng bocahe ngeyel lan nggugu karepe dhewe, ya ora gu- mun yen Astari kerep oleh biji sing elek. Apa maneh matematika. Jarene matematika ki marakke judeg, marakke uteke umob yen dianggo mikir. Ketambahan maneh gurune sing galak.

Sanajan Astari ki bocahengeplukan nanging dheweke sayang banget karo kulawargane dheweke uga bisa ndhagel gawe guyu sapa sing sedih, apa maneh karo ibune. Polahe sing isih kaya cah cilik, marake ngguyu kepingkel yen weruh Astari lagi ndhagel.

Astari dhuwe adhi lanang sing jenenge Arya. Arya bocahe ndhableg lan ngeyel, ana wae saurane yen diomongi. Bocah loro kuwi nek wis udur ramene kaya jago diadu.

“Kene, Mbak bantalku!” bengoke Arya karo ngathungke tangane.

ma 38