Kaca:Sandhal Goreng.pdf/40

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Sandhal Goreng


“Jo! Nggaya tenan kowe sinau! Bar ana bledhek, pa?” be- ngokku karo Wahyu.

“Ora ngono, Mbokdhe. Aku ya pengin munggah. Arepa se- neng gelut, ki rak ya paling ora duwe isin saumpama ra mung- gah,” balese Wahyu.

“Panasra bathukmu kuwi, Jo?” pitakonku karo ndemok ba- thuke.

“Asem tenan kok kowe, Mil! Lara apa aku?”

“Yaya, rasah muring. Mengkoraisa nggarap, Iho,” godhaku.

“Mengkoumpama aku ra isa, kandhani ya,” penjaluke Wah- yu.

“Weh aneh-aneh bocah iki.”

“Thet! Theeet! Theeeeet!,” bel tandha mlebu wis muni.

Pengawas mbuka ujian semesteran esukiki kanthi maca do- nga bareng-bareng. Banjursoal Matematika lan LJK-ne dibageka- ke. Lagi serius ngurek-urek bunderan jeneng ing LJK, ana sing ngogrek-ogrek kursiku seka mburi. Tak thinguk, walah si Wahyu Gendhut.

“Untung gurune killer ora ngawas kene, ya!”

“Heeem,” wangsulanku. “Apa ya penting? Kiraku ana apa,” batinku. “Grek, grek grek grek,” kursiku di ogrek-ogrek maneh. “Ana apa meneh, Ndhut?,” pitakonku jengkel.

“Soale, Lik! Cilik! Soale ki endi? Wo cah cilik,” bentake saya jengkel. Banjur tak wenehake soal sing numpuk ing mejaku karo Gedhut. Dak teruske meneh olehku ngurek-urek bunderan ing LJK. Aku banjur ndhengkruk nggarap soal nganti ora sadhar me- nawa guru killer-e mlebu sing jebul dadi pengawas neng ruangan- ku.

4


Hoooaaaah,” keju tenan rasane. Tak delok wangsulane, je- bul kurang separo meneh olehku nggarap.

“Heh!” wong wadon kang gincune abang mbranang lan dan- dananerada menorturmalah ketok medeni, penganggone nyetil,

ne 9] ee