Kaca:Rembuyung.pdf/72

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Geguritan

wektu cecikal wus kepancal
kabeh kaweleg tanek
kamamah kauntal
nadyan tan sapiraa
wis murakapi

dina dina kebag nugraha
pepalang lan panandhang
donga lan dosa
mamah lan panembah
saplenik karya kanggo donya
sinau sinau lan sinau
paitan cupet

uteg diisi ora baut kebeg
tansah ngorong
kadya arsa mondhong donya
ning winates

mangka srengengeku wis gumlewang
kang kasawang mung sablumbang
yenta njangkah klumah
nadyan sethithik kudu bisatetinggal =
o, tuwa tuwa yen tuwas

Yogyakarta, 8 Agustus 1997

72