Kaca:Rembuyung.pdf/70

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Geguritan


MELAS

Njangkah datan mlaku
Ngimpi datan nendra
Waras jroning lara
Urip jroning pati

Pindha wit mahoni gung
Aking tanpa godhong kang ngrembuyung
Manuk kutut
Wus sungkan manggung
kadya widadari katemben wuyung

Tanpa obeng lan drei
Pra winasis
Nadyan gungeunge mung kari tipis
Sigra gumregah
Ndandani srana memetri
Mrih sira bisa lestari
Lungguh jejer
Wor sanak kadangira
Oooh, Sastra Jawa
uripmu Senin Kemis

|70