Kaca:Rembuyung.pdf/68

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Geguritan

JAGAD

Rasa miris menawa ndhepani
bumi gonjing kang pratiwi
pingin seba mring Hyang Widhi
kadya putra nagih janji
  Kumlewat putra putri saiki
  barang gawat winengku gati
  nginum ngombe nguntal estasi
  nadyan bingung kanggep sepi
   Mardika dudu sakepenake
   colong jupuk ngrayah tanggane
   main madon minangka lakune
   nyrekal gampang wedi karyane
    Dhasar mudha tua gemblung
    ora genah watak dunung
    karep penak emoh srawung
    ana grasak meksa nyemplung
     Eling garwa sanak krabat
     menawa wis tekan sekarat
     montang manting golek pangkat
     apa jagad kuat ngangkat

23 Agustus 1997

68