Kaca:Rembuyung.pdf/60

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Geguritan

Ris Hartini


JATINING MANUNGSA



Kadya suket
endahing kembang ing ara-ara
kang asri ing warna nanging ringkih
mung kambah ing angin dyan wus tan ania
ilang endah arum miwah warnanya
kongsi pangling tilas panggonannya

O .... Jama
sejatine sira iku
tan sembada
ing ngarsane

60