Kaca iki wis divalidasi
Geguritan
Nyadi Kasmoredjo
ILANG RASA
Rasa panggrahita kasaput pedhut
Pedhute hawa kebak prahara
Rasa panggrahita saya peteng
Thuntheng, klelep obahing donya
Donyaning kamanungsan
Kasaput pedhut hawa lauwamah
Sunu suci tan dipepetri
Sunu suci karuda pati
Jagad peteng jagad ireng
Jagad ilang kamanungsan
24 Agustus 1997
54