Kaca:Rembuyung.pdf/51

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rembuyung


rame swarane samya sesaji
tak suraka surak horeeee......

Neggronjal atiku nalika nyawang
pasren
kang sejati winengku jagad loro
sesanggeman lan amanat
garwa putra yen ta luput bakal
dadi satru
yen begja urip ngrasakake
sumiliring angin

“Pasren endah pepujaning ati
gegantilaning ati nalangsa
tinalenan ing kapange
tansah resep dinulu
krasa krasan tekad nyawiji

gesang datan anggrangsang
mung tansah ginelung
njaga asri pekarangan
ndhangir suket ginubel
malaningati,
tentreming balewisma.”

51