Kaca:Rembuyung.pdf/156

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Suwardi Endraswara, lair ing Kulonprogo, 3

April 1964. Tamat saka FPBS jurusan basa lan sastra
Jawa IKIP Yogyakarta banjur dadi staf redhaksi Mekar
Sari. Nanging, ora let suwe banjur oleh sk diangkat
dadi dosen ana almamatere. Baud maca lan nulis
guritan lan cerkak. Buku-buku kumpulan dongeng,
guritan, lan cerkak kang tada eksperimental wis
padha terbit. Aktip uga ngurusi SSJY. Tekan saiki
mapan ana ing Peni, Tajem, Palbapang, Bantul,
Yogyakarta.

Sawarni, lair ing Bantul, 28 Februari 1952.

Bu Warni kang isih tetep dadi guru basa lan sastra
Jawa ana ing SLTP 2, Jalan P. Senopati 28-30,
Yogyakarta, iki lenggah ana ing Druwo, Bangunharjo,
Sewon, Bantul, Yogyakarta.

T. Kusugihardjo, lair ana ing .... 19....

Guru basa Jawa SLTP Muhammadiyah 3, Jalan Kapten
Tendean, Yogyakarta, iki lenggah ana Brontokusuman
MG 111/428, Yogyakarta.

Tri Astuti, lair ing Yogyakarta, 10

September 1966. Bu As kang lenggah ana Tegalkemuning
DN II/872, Yogyakarta, iki isih tetep ngasta dari
guru ana SLTP PIRI I DISAMAKAN, Jalan Kemuning 14,
Baciro, Yogyakarta.
160