Kaca:Rembuyung.pdf/153

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Slamet Hariyadi, lair ing Sleman, 28 Agustus 1956.

Priyayi kang asring nulis macapat lan guritan iki
ngasta ana ing SLTP 5, Jalan Wardani 1, Yogyakarta.
Guru basa Jawa kang prigel iki ste lenggah ing Jalan
Garuda 12b, Kranggan, Bokoharjo, Prambanan, Sleman.

S.M. Haryanto, lair ana Sukoharjo, 17 Maret 1952.

Karya-karyane kang arupa guritan, cerkak, lan
macapat wis akeh kang kapacak ana kalawarti ing
Yogyakarta, Sala, lan Surabaya. Saiki Pak Har isih
pidalem ana ing Jalan Madukara 22, Kratonan RT
03/1I, Serengan, Surakarta 57153.

Sofwan, lair ing Magelang, 5 April 1959. Pak Sof

kang saben dinane ngasta dadi guru ana ing SLTP 1, Jalan
Cik Di Tiro 29, iki daleme ana ing Ketandan 69, RT 02, RW
38, Banguntapan, Bantul, Yogyakarta.

Sri Hartuti, guru basa Jawa ana ing SLTP 2,

Jalan P. Senopati, Yogyakarta, iki uga linuwih jer
ngrembug bab basa lan kasusastran Jawa. Seratan kang
arupa cerkak, guritan, lan tembange uga wis akeh,
nanging ngendikane kanggo simpenan dhewe.
157