Kaca:Rembuyung.pdf/123

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Macapat


BENGKEL SASTRA JAWA

(Dhandhanggula)

1. Gumregute tiyang-tiyang Jawi,
ingkang wonten ing Ngayogyakarta,
guru basa Es El Te Pe
sarta sastrawanipun,
Bale Basa kang mandhegani,
ngadani bengkel sastra,
guritan den tuju,
sarta kados pundi mbenjang,
sastra Jawi supados tansah kaudi,
ngrembaka mboten pejah.

2. Sinten malih ingkang badhe ngudi,
yen mboten tiyang Jawi piyambak,
tanggung jawab mboten entheng,
sastrawan saha guru,
ngudi ngrembaka lan lestari,
guritan sarta tembang,
saha sanesipun,
saged damel saged maca,
ugi siswa saged sami nggemateni,
budaya sastra Jawa.

124