~ Puspa Rinonce ~
- (1) Sapa sing lungguh madhep ngidul kaé?
- (2) Mengko, yèn Pak Lurah wis kepareng lenggah, unjukané ndang ditokaké!
- (3) Mangga Mas, lenggah ngajeng riki!
- (4) Matur nuwun, kula kepéngin linggih ngriki kémawon, caket kaliyan kanca-kanca ….
Tembung lungguh kang dumunung ing ukara (1) dianggep tembung ngoko, lenggah ing ukara (2) lan (3) dianggep tembung krama inggil, déné linggih ing ukara (4) dianggep tembung krama. Banjur panganggep mangkéné iki apa wis bener? Bab iki perlu ditlusur kanthi tlesih, mangkéné.
Tembung linggih iku mengku teges ’sumèlèh sing katapakaké bokongé’. Tembung iki kalebu éwoning tembung ngoko, malah miturut sejarahé, tembung linggih iku kalebu tembung ngoko baku. Ing jaman saiki tembung linggih ana sing nganggep tembung enggon-enggonan lan banjur arang-arang dianggo ing basa padinan.
Tembung lungguh iku kalebu éwoning tembung ngoko. Tembung iki mengku teges warna-warna, kayata, (a) ’sawah (palemahan) kang digadhuhaké marang pamong désa sing pametuné minangka bayaré’, (b) ’pepangkatan’, ’pangkat’, (c) ’dhodhok sèlèhé prakara’, (d) ’mapan utawa wis becik tumrap pasang rakiting ukara, lan sapituruté’. Déné tembung lungguh kang ateges ’sumèlèh sing katapakaké bokongé’ ing sakawit kalebu tembung ngoko enggon-enggonan. Amarga owah gingsiring jaman, tembung lungguh iku ing wektu saiki dianggep tembung ngoko baku (dudu tembung enggon-enggonan manèh).
Tembung lenggah iku miturut sejarahé kalebu tembung krama, yaiku kanggo ngramakaké tembung linggih lan uga tembung lungguh. Tembungé krama inggil tumrap linggih (ngoko) lan lenggah (krama), yaiku pinarak. Déné tembung lungguh (ngoko, enggon-enggonan) kang dikramakaké dadi lenggah ing sakawit ora ana krama inggilé. Kanthi mangkono, urut-urutan undha usuking tembung kang baku kuwi ing sakawit linggih (ngoko)-lenggah
71