CRITA CEKAK SATLÉRAMAN
Crita cekak itu minangka subgenre (cakrik) sastra adhapur gancaran. Crita cekak iki wis oleh kawigatèn gedhé saka masyarakat temah kalawarti basa Jawa, kayata, Mekar Sari, Djaka Lodhang, Panjebar Semangat, lan Djaya Baya saben nomeré mesthi ngemot crita cekak. Kejaba kuwi, saiki uga wis ana antologi crita cekak kang kacithak, kayata, Pangilon Panjurung, Rembulan Padhang ing Ngayogyakarta, lan Mutiara Sagegem.
Cakrik sastra adhapur ganjaran iki diarani ‘crita cekak’ amarga isi utawa critané pancèn ya mung cekak. Miturut Hudson, crita cekak iku bisa rampung diwaca sekali duduk. Crita cekak béda karo novèl utawa roman. Novèl utawa roman nggarap seri crita (èpisode-èpisode) lelakoné paraga (tokoh), yèn crita cekak mung nggarap salah sajining seri crita (èpisode) lan kang digarap uga mung sakiwatengené paragatama mau. Sanajan mangkono, dhapuring crita cekak ora béda karo novèl utawa roman, yaitu ana lataring crita, gegelitaning crita (alur), paraga, téma, lan pirantining crita liyané.
Jumedhuling crita cekak ing sastra Jawa iku ing taun 1930-an lumantar kalawarti Kadjawèn lan Panjebar Semangat. “Djedjodowan Woeroeng” ing rubrik “Panglipoer Manah” (Kadjawèn, 1930) minangka prototipe crita cekak sepisanan kang kababar. Di arani
103