Kaca:Puspa Palupi.pdf/10

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
- 8 -

reng sampun peteng ladjeng sami mlebet ing grija. Boten antawis dangu kapireng ramē swaranipun krēta langkung, mratanḏani bilih sepur wekasan saking Ngajogjakarta sampun ḏateng. Najapada njrantosaken ing sawatawis,awit adatipun Darba boten natē nganḏong. Sajektos,ing pakiwan wonten swaranipun tijang wisuh,sakeḏap malih Darba mlebet ing grija.

Sasampunipun tata lenggah bagē-binagēkaken,Darba takēn ḏateng kakangipun:

- "Bakju kok ora mrēnē mas ?"

- "Ora,tekaku mau rada kesusu".

- "Kesusu keprijē ?"

- "Lagi djam lima iki mau olēhku nampani utusanē bapak, ditimbali mrēnē. Takarani ana perlunē apa,mulanē bakju mu ora takdjak".

- "Ṯolē wis bisa apa?"

- “Wis adeg-adeg antep".

Salebetipun makaten,mbok Najapada ngedalaken wēdang saha patjitan katata ing mēdja anḏap,nunten sami ngombē saha matjit. Darba sumerep pasemoning tijang sepuhipun,kados ēnggal kepēngin mireng,punapa rembagipun Darba. Pramila Darba inggih ladjeng mbukani,tembungipun dateng Darja :

- "Nēk kowē krungu,mas, keprijē kabarē Kapatihan ?"

Darja: "Prakara awakmu apa ?"

Darba: “Ija".

Darja: "Kok sepi ora kabar apa-apa. Aku wingi ketemu pak Bei Pradjasusastra,kok ija ora ngandika apa-apa".

Darba ḏateng bapakipun: "Kados pundi,pak,mangka anggēn kula wonten kaonderan sampun sawatawis wulan".

Najapada: "Lah keprijē,upama kowē gawē paturan".

Darba: "O,boten bapak,manawi mekaten kula isin, amargi wonten kula ḏateng kaonderan punika dēdē kadjeng kula".

Darba njawang embokipun,wiwit rembagan njandak badanipun,polatanipun pantjēn sampun peteng, bokmenawi kisēnan seratipun Darba anggēnipun ngupados padamelan sanēs.