Menyang kontèn

Kaca:Primbon Para Wali Impunan Saka Wewedjangane Para Wali Ing Tanah Djawa.pdf/28

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Wali Panutup asal saka asma Radèn Sahid, uga nama Sèch Malaja, ija iku kang bandjur djinulukan Kangdjeng Susuhunan ing Kali Djaga, bijèn asli putrané Sang Adipati ing nagara Tuban.

Susuhunan ing Gunung Djati ing kuta Tjirebon asma Susuhunan Ngudung, kagungan putra sidji asma Susuhunan Kudus, apangkat Pangulu.

Kang djumeneng Wali ana ing kuta tanah Bagelèn utawa Pagelèn, bijèn asal saka wong andèrès legèn, bareng setya marang kautamaning agama Islam, bandjur djumeneng Wali asma Susuhunan Geseng, déné aslining asma: Ngabèhi Tjakradjaja.

Pangéran ing Tembajat, bijèn asal saka Adipati ing Semarang. asma Kjai Ageng Pandan-arang, bandjur mandita pindah panggonan. ana ing Tembajat.

Wali Sèch Sitidjenar, miturut tjarita pagedongan, asal saka ratuning tjatjing lur, saka bangeting setya dadi manusa utama.

Kang aran Sèch Domba, bijèn asalé wong ala, utawa pangarepé wong ambebégal kang aran Ki Sambangdalan ing Salatiga.

Ana déné asalé pangareping para Wali kabèh, kasebut Wali Aulija Sèch Maulana Mahgribi, utawa Susuhunan ing Giri Pura.

RIWAJAT KADIPATEN LAN MASDJID DEMAK

Katjarita, Sang Prabu Brawidjaja ing Madjapahit, uga kagungant garwa amnéjan asal saka ing Wanapringga Roban, wudjud raseksi. bangsaning ediin turuning Edjan, nalika njidam dahar getjok mentah, wusana kabadaran, amarga winisésa marang Sang Prabu, Sang Putri Raseksi bali marang ing Wanapringga Roban manèh.

Satekané ing Wanapringga Roban. Sang Putri Raseksi wis ambobot, ingupakara déning saduluré raseksa lanang aran Kala Daruka, déné Sang Putri Raseksi mau aran Daruki, tumeka masané anggoné ambobot ambabar metu prija warnané luwih bagus, didjenengaké Djaka Wahana, bareng wis diwasa motah takon bapa, dipurih suwita marang Madjapahit, bandjur mangkat.

Tumeka ing Madjapahit, Djaka Wahana katampa pasuwitané, bareng wis diwasa pantes amengku nagara, bandjur pinaringan pangkat Adipati ana ing Palémbang, kaparingan asma Sang Arja Damar.

Sang Prabu Brawidjaja ing Madjapahit, uga kagungan garwa ampéjan putri asal saka nagara Tjina, asma Liem Kiem Nio. Sang Putri Tjina wis ambobot antara 4 sasi, bandjur kawetokaké saka karaton Madjapahit, awit saka panjuwuné garwa Nata Putri Tjempa Sang Putri Ratu Dwarawti, awit mentas supena, ing sadjroning pasupenan Putri Tjina amangku rembulan, kinarojok ing lintang,

sarirané dadi abjor, mula kapareng ora kaparenga, Putri Tjina

27