Menyang kontèn

Kaca:Primbon Para Wali Impunan Saka Wewedjangane Para Wali Ing Tanah Djawa.pdf/26

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Jèn ingsun njipta kang kaja iki, angur matija duk lagi abang, tan angangka tan angamé, akèh wong kang ampelu, tata lafal kang dèn ugemi, sembahhjang lan puwasa, dèn kudang tan surut, dèn sengguh anelamena, sembahira awuwuh anderbalani, kabèh dadi brahala.

Pangrasaningsun duk raré tjilik, nora selam déning asembah- hjang, nora selam déning enggèn, tan selam déning waktu, datan selam déning sastrèki, tan selam déning tapa, ing pangrasanipun, éwuh tegesé wong selam, nora selam déning anampik amilih, pangan kalal lan karam.

Mapan kanag wus weruh selam kaki, mulja wisésa djati kamulja, sampurna teka mulihé, wuluné sagalepung, brasta geseng nora na kari, angganė anèng dunja, kadi adedunung, lir Sang Pandji angembara, sadjatiné jèn mantuk enggèning urip, mulja Putra Djenggala.

Wekasaningsun angédan éling, sun-sapihé bok apa patjuhan, manawi metu latjudé, adja na milu-milu, udjar iku kabèh tan singgih, nora na mangkonowa, olèh-ngong angapus, raré nom tur ambelasar, tanpa gawé nggèningsun amurang niti, dèn kanti panarima.

RIWAJAT WALI SANGA

Katjarita Sang Prabu Brawidjaja kang wekasan ing Madjapahit, Sang Prabu durung kagungan garwa pramèswari, bandjur angutus. Patih kadawuhan nglamar marang nagara Tjempa, wis mangkat sarta wis tumeka nagara Tjempa, Ratu ing Tjempa tampa pang- lamaré Patih ing Madjapahit, putra putri kang sepuh wis kaparing- aké, saha kaparingan pusaka, arupa grebong balé lumur minangka titihan, sarta gong Kjai Sekardlima, sarta Sang Putri pinaringan anggon-anggon rupa sangsangan, minangka tetenger, jèn kalung iku nganti surem warnané, kang rama saha ibu nudju gerah, jèn pedot saha tjoplok saka ing embanan, pratanda kang rama séda, saha busana mawarna-warna, kang ing nagara Madjapahit durung ana, tumeka karaton Madjapahit Sang Putri wis daup karo Sang Prabu, gedé wiwahané, Sang Putri wis pinaringan àsma Ratu Putri Dwarawati.

Sang Putri Ratu Dwarawati wis suwé dadi garwa Nata ing Madjapahit, rèhné ing Madjapahit wis kadunungan agama Islam, nanging durung pati warata, Sang Putri Ratu Dwarawati ngarsak- aké anglakoni ngrasuk agama Islam, ing kono bandjur dadi panuntuné para kawula wiwit abad 15 taun Maséhi, para wong lanang wadon pada kapéngin uga ngrasuk agama Islam.

Kotjapa para guru-guru kondang kang angadjawa disik déwé, aran Sèch Maulana Malik Ibrahim, Sang Wik mau asale saka nagara

Pèrsi, bandjur djedjuluk Sèch Maulana Malik Ibrahim.

25