Dandanggula Sampurnané sembah lawan pudji, tan andulu mangké ananira, pan djati lebur ulaté, lebur papan lan wuwus, kahanané nora na kari, pan wus maring Pangéran, paran kang dinulu, jèn nora na paran-paran, ija iku jogja nggeguruwa kaki, sampurnané panembah.
Mapan ing wong maksih nembah mudji, ing kawruhé pan maksih satengah, pantes tetakona mangké, adja gé-gé gumuju, lamun nora uninga djati, ajwa rena winedjang, warah lawan wuruk, punika maksih rerasan, adja tungkul tumingal ing tuwan abdi, puniku maksih baja.
Jèn amunga kawula lan gusti, kawruh iku ngur adja ngguruwa, kang maring ana djatiné, jèn arorowa wudjud, kadya tirta saking ing ardi, mili anèng sagara, kangèlan puniku, pan maksih amanakawan, upamané lir ringgit amemutjuki, durung aran ki dalang.
Iku uga anunggang sadidik, kawruhing wong lagi abebakal, pan Allah aksara mangké, émané awakingsun, jèn rorowa tingal kang djati, jèn tan nora tunggala, kang tunggal winuwus, jèn si arorowa ika, takokena kang maring sembah pamudji, lawan kedaling lésan.
Kang sawenèh amangéran maksih, roh lan djasad ika dèn kekudang, dèn dalih suksma-ragané, akèh kang wong memuruk, sarirane dinalih djati, lah iku kukuhana, ananira iku, kang winedjang anarima, nora wikan asusun kawruhé iki, 'ilmuné bebuwangan.
Sasar-susur jèn amedjang 'ilmi, atumpang suh 'ilmu tunda- tunda, guru pada lan sabaté, tingalé wong kang sampun, datan ana susun atindih, pestiné ing panembah, angèstokken tuduh, lamun suksma kang wisésa, adja tungkul ing diri ana pawèstri, miwah ana wong prija.
Lawan ana mangké pulang resmi, kadyanggané mangké wong amitra, brangti mring pawèstri kijé. pan ing amitra iku, nora kaja kalawan selir, marga déning djaruman, karané tetemu, djaruman asung dedalan, sapatemon tan kotjap lanang lan èstri, mantep kahanan tunggal.
Jèn wus tunggal sira dèn pakéling, lah reksanen ta djarumanira, manawa djahil atiné, betjiké ta maring sun, wong tetiga dadija. sidji, rowang golong-gulungan, dipun tunggal wudjud, adja na manah
nalimpang, upamané kadi andjala ing kali, ulam sakedung telas.
17